Bengkowang

Bengkuang utawa bengkoang (Pachyrhizus erosus) ya iku tuwuhan kang ngasilaké dhangkèl (cormus) kang énak dipangan.

Bengkowang
Bengkowang
Ilustrasi botani bengkuang, menurut Blanco
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Faboideae
Génus: Pachyrhizus
Spésies: P. erosus
Jeneng binomial
Pachyrhizus erosus
(L.) Urb.

Woh-wohan saka Amérika tropis iki klebu golongan suku polong-polongan atau Fabaceae. Ing panggonan asalé, woh-wohan iki dikenal minangka xicama utawa jícama. Wong Jawa ngarani tuwuhan lan woh saka tuwuhan iki bengkowang, déné dhangkèle diarani besusu (/bəsusu/).

Wedharan

Bengkowang 
Besusu, Pachyrhizus erosus;
saka Situgede, Bogor.

Bengkuang minangka liana taunan kang dhuwuré bisa ngancik 4-5m, déné oyote dhawané ngancik 2m.Wité mrambat lan ngubet, kanthi rambut-rambut alus kang anuju mengisor. Godhongé nyirip; pangé dhawané kira-kira 8,5-16 cm; anak godhongé bunder kaya endhog, kanthi pucuke lancip, lan ana rambute ing pinggir-pinggire; anak godhong pérangan pucuk ukurane gedhé dhéwé, wujud belah ketupat, 7-21 × 6–20 cm.

Kembangé nglumpuk ing tandan ing pucuking godhong, kang ijen utawa nggrombol 2-4 tandan, dhawané ngancik 60 cm, kanthi warna rambut soklat. Tabung kelopak wujudé lonceng, kecoklatan, dhawané kira-kira 0,5 cm. Makutha putih ungu kebiru-biruan, gundul, dhawané kira-kira 2 cm. Tangkai sarine pipih, pucuké rada nggulung; kepala putik dhapuré bunder, ing ngisor pucuking tangkai putik, tangkai putik ing ngisor kepala putik. Woh polong dhapuré garis, pipih, dhawané 8–13 cm, berambut, wohé 4-9.

Cathetan suku

Tags:

FabaceaeTropikaWong Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wader cakulTifaAndi Alfian MallarangengAmérika SarékatMerkuriusKanadhaWayang purwaMitoniAline AditaUrangutanLaos (bumbu)NagasariDian SastrowardoyoAllahSosiologiLos AngelesAksara JawaTeguh OstenrikStadion SiliwangiWunguSaturnusInternètPangkurWikipédiaTakbir1909KempyangSesorahSusterZhang ZuolinBonangKabupatèn KaranganyarWikisastraPinguinKalajengkingRuwatanBagoes HadikoesoemoAhmad DahlanTsumugi AkariBasuki RahmatMacapatDemi MoorePrancisKumbakarnaSatelit alamiZlatan IbrahimovićSurat Al MuzzammilSurat Ali ImranWidy Soediro NichlanyPutihTaylor SwiftMike LewisKolintangKonferensi Meja BundarNyadranYudhisthiraIndhonésiaSocaÉjakulasiSadrananBiru1140-anYouTubeAgnes MonicaWit èkTumpengKomputerPawadonanSrengéngé🡆 More