Bako

Bako ya iku sawiji produk kang dumadi godhong bako kanthi 'ditambani' (prosés ngilangi dat kang marai godhongé ijo) dhisik.

Wité kagolong perangané génus Nicotiana lan tunggalé Solanaceae (wit-witan nightshade). Asline punjul 70 spesiesé bako kang ora dimudengi manungsa, lan tuwuhan utama kang racaké kanggo bab komersil ya iku N. tabacum. Jinis wit-witan bako liyané kang paling ampuh, N. rustica, uga digunakaké ing donya iki.

Bako
Dobong sujarah ing kutha Myrtleford, Victoria, Australia
Bako
Godhong jinis Basma lagi digaringaké ing désa Pomak ing Xanthi, Yunani

Bako ngamot kang diarani alkaloid nikotin, ya iku sawiji stimulan. Godhong bako kang uwis garing mligi kanggo ngrokok ing jero rokok, cerutu, pipa bako, lan bako kanggo shisha kang uwis diwènèhi rasa. Bako-bako iku mau uga bisa dikonsumsi minangka produk-produk liyané kaya snuff, chewing tobacco, dipping tobacco lan snus.

Konsumsi bako iku résiko ngalami warna-warna lelara, mligi jinisé kang mangaribawani jantung, ati, lan paru-paru, uga warna-warna kanker. Ing taun 2008, World Health Organization nggolongaké bako minangka siji-sijiné sabab pati kang bisa disandhet kang gedhé dhéwé.

Ètimologi

Tembung basa inggris "tobacco" asalé saka tembung basa Spanyol lan basa Portugis "tabaco". Mula bakaning tembung iku mau isih didebatake, nanging racaké dimudhengi tembung turunan paling ora saka basa Taino, pérangan basa Arawakan ing kapulon Karibia. Ing basa Taino, tembung iku diarani duwé arti manawa dudu susure godhong bako (miturut sujarawan Bartolomé de las Casas, ing taun 1552) ya tabago, jinisa pipa wujudé kaya huruf Y kanggo nyentrup asep bako (muturute Oviedo; manawa karo godhong-godhonge dirujuk mingangka cohiba).

Nanging, (lan mungking mung kebetulan) tembung-tembung kang padha ing basa Spanyol, Portugis lan Itali kang digunakaké saka taun 1410 kanggo jenengi ramuan obat kang dipercaya mula bakané saka tembung basa Arab, طُبّاق ṭubbāq (uga طُباق ṭubāq). Tembung siku mau dilaporaké uwis ana ing abad angka 9, minangka jeneng kanggo sawenèh rumpah-rempah.

Rujukan

Tags:

SolanaceaeTembako

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Alda RismaN'DjamenaWikipédiaLiberalismeLantanumJawaSuhuSyahriniKretegFeni RoseSurat Al Anbiyaa’SasiDjauhariBekicotLiga Super IndonésiaTembung YogyaswaraWirathaparwaSevilla FCGaranganAmerican Broadcasting CompanyTutti fruttiJermanGuritaKali BrantasPramoedya Ananta ToerPangéran DipanegaraLee Jong-sukLouis XVI saka PrancisHostess CupCakeBasa NguBasa LatinWikipédia basa JawaVidéoShikamaru NaraSitologiÉropa Kidul1938MacapatStephen ChowTotohanAntonio RüdigerSurat Al An’amTerpentinMuhammad Yusuf ChudloriYoniMuséum National d'Histoire NaturelleGalaksi AndromedaMesinKalkulusGréja KatulikKluwungKolombiaBanggaladésaMaltaJohn von NeumannMartha TilaarBlogKabupatèn BanyuwangiLesmanaNurwègenCangkrimanSiputPanulisLaura BasukiIranAngga Aldi YunandaRizky RidhoIBMÉritréaBarack Obama11 MaretGunung RaungKincir anginMassachusettsBasa Arab Mesir🡆 More