Atol Midway

Atol Midway (basa Inggris: Midway Atoll) iku sawijiné atol kang dumunung ing Samodra Pasifik pérangan lor (cedhak ujung kidul-kulonKapuloan Hawaii), watara saprotelon jarak antara Honolulu lan Tokyo.

Wates pananggalan internasional dumunung ing sisih kuloné. Atol kang sing ndunungi 40 jiwa (2004, (nanging ora ana sing ndunungi pribuminé) iki dumadi saka karang penghalang awangun ali-ali lan sawatara pulo cilik saka wedhi. Loro dharatan utama, Pulo Sand lan Pulo Eastern, minangka habitat kanggoné atusan éwon manuk sagara.

Atol Midway
Gambar satelit Atol Midway

Minangka péranganing Kapuloan Kapencil Minor, Atol Midway kalebu sajeroning wewengkon kang ora kagabung (unincorporated territory), kang diklola déning Dinas Perikanan lan Margasatwa, ing ngisoré otoritas Departemen Dalam Negeri Amérika Sarékat. Atol iki dikukuhaké minangka Papan Perlindungan Nasional (National Wildlife Refuge) wiwit tanggal 22 April 1988.

Atol Midway luwih misuwur minangka lokasi Pertempuran Midway kang kadadéan nalika Perang Donya II tanggal 4 Juni 1942. Angkatan Sagara Amérika Sarékat kasil ngusir serangan prajurit Jepang. Insiden iki dadi titik balik paperangan ing kawasan Pasifik.

Prasarana transportasi ing Atol Midway wujud 32 km dalan, 7,8 km pipa saluran, siji pelabuhan (ing Pulau Sand, katutup kanggo umum), lan loro landasan pacu aspal.

Pranala njaba

Tags:

2004Basa InggrisPuloSamodra PasifikTokyo

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BaworWignyanSurat As SajdahBipolarAremaKomètMichelle Branch2015KarbonBulusAdolf HitlerSepasaranKutha SurabayaFlorentino PérezAdiwerna, TegalAtropinꦪꦺꦴꦪꦺꦴWreck-It RalphAl-KindiParagrafLeléwaning basaISO 3166-1MacaGrahana srengéngéGabahGojekKoes PlusꦏꦸꦕꦶꦁDronaMakruhHarmonikaLonthongFilipinaGongEgy Maulana VikriTitan (mitologi)Didi KempotGianluigi BuffonPerang Sovyet-AfganistanTata SuryaTembung aranTembang GedheWikinewsArgonDian SastrowardoyoMikha TambayongMangsa udanKudisSega gorèngKurt CobainLos AngelesDinosaurusAndy LauKipas anginIndhonésia/jvKodhokTembung sipatWiki CommonsJangka sorongGugon tuhon22 NovèmberTotohanEutanasiaArab SaudiProdhuk dhomèstik brutoKutha KadhiriJeprètanKresnaMetanolDiana Pungky🡆 More