Asri Pramawati

Asri Pramawati (lair ing Yogyakarta, 7 Maret 1979; umur 45 taun) ya iku aktris saka Indonésia.

Jenengé kondhang wiwit dadi paraga "Welas" ing sitkom Suami-suami Takut Istri. Dhèwèké iku artis provesional kang isih syuting kanggo filem Suami-suami akut Istri The Movie sanajan dhèwèké lagi mbobot 8 sasi punjul rong minggu. Sejatiné dhèwèké ketar-ketir manawa dhèwèké kontraksi nalika lagi syuting. Dhèwèké kang wis ngira-ngira manawa bakal patang sasi nganti limang sasi dhèwèké syuting, nanging persiapan syuting molor nganti pirang-pirang wulan. Pungkasané dhèwèké syuting karo weteng kang gedhé. Syuting iku ana ing Bali lan dadi filem layar lebare kang kaping pisanan.

Asri Pramawati.
Asri Pramawati
LairAsri Pramawati
(1979-03-07) Maret 7, 1979 (umur 45)
Indhonésia Yogyakarta, Indonésia

Dhèwèké kondhang ing masarakat, repot ing donya filem, lan ing donya hiburan kaya ta televisi Indonésia. Awit cilik, dhèwèké remen banget ngrungokaké bapaké carita babagan carita wayang. Bapaké nyaritakaké paraga-paraga wayang kaya ta Gatot Kaca. Kakangé lanang kang jenengé Indrawan nganti apal isi carita kang dicaritakaké déning bapaké mbiyen. nanging dhèwèké biyasa-biyasa waé. Saka apa kang dicaritakaké déning bapaké iku, dhèwèké ngerti paraga wayang kang jenengé Batara Kala. Salah sawijining karemenan saka Batara Kala ya iku mangan para bocah anaké sukerta kaya ta sendhang kapit pancuran, salah sawijining anak saka sukerta. Kulawargané kang dadi masarakat Jawa iku percaya ngenani tolak bala ya iku bocah-bocah sukerta kudu diruwat.

Dhèwèké iku anak pasangan Nurhayati kang asalé pancen saka Yogyakarta lan almarhum bapaké Drs. R. Djauhari Effendi kang asalé saka Palembang, uga isih duwé getih katurunan wong Jawa. Saka kasil ngobrol karo para saduluré, pungkasané wong tuwané loro mutusaké kanggo nindakaké ruwatan. Tujuané ya iku kanggo nolak bala uga supaya dalan urip kang dilakoni déning kulawargané lancar lan ora kesandhung-sandhung mengkoné.

Nalika ana ing kelas 1 SMA Perguruan Cikini, dhèwèké nindakaké acara ruwatan. Wong tuwané nanggap wayang kulit. Nalika upacara, dhèwèké lan saduluré loro nganggo klambi putih-putih banjur kateluné diadusi. Sawisé iku ana acara mecah endhog. Klambi kang dienggo lan rambuté uga dikelikaké.

Filmografi

Komedia situasi

  • Suami-suami Takut Istri

Film

  • "Suami-suami Takut Istri The Movie" (2008)

Acara realitas

  • Ngulik

Cathetan suku


Tags:

Asri Pramawati FilmografiAsri Pramawati Acara realitasAsri Pramawati Cathetan sukuAsri Pramawati19797 MaretAktrisBaliFilemIndonésiaYogyakarta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ari LassoTwiceAsia Kidul-kulonWikipédiaWarkopKopiSoekarnoKuwé tela wunguRaphaël GuerreiroFacebookTrembakaVoltaireꦄꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦒꦼꦥꦸꦏ꧀Kylian MbappéKulawarga basaGisella AnastasiaKristalPada pangkatKarajan ManunggalEGula klapaPamaréntahMasjid NabawiTaj MahalAndi Sultan Daeng RadjaHafniumꦄꦕꦂꦮꦺꦴꦃBiologiKemangUcengSurat Al HadiidClaudius PtolemaeusUlil Abshar AbdallaPS Barito PuteraPimchanok Leuwisedpaibool (Fern)Kabupatèn PekalonganAhmad DahlanCheng HoPolenWader cakulSandiaga UnoGibran RakabumingIndhonésiaKaris Alika IslamadinaSistem ambeganPupuk Sriwidjaja PalembangJurnalistikCalungAsem sulpatEmpal gepukTakbirSanta AgnesRépublik CinaGadho-gadhoHaruka NakagawaBoris BokirFranz Ferdinand (Grup Musik)Rustam IbragimbekovAlamat IPSurat Al BaqarahTutti frutti1970MesinMendhoanTapiokaWohManungsaLuxemburgNagita SlavinaBunga Citra LestariWidyamaknaMi celorCelempungClint EastwoodGuti HernandezInggris🡆 More