Aksara Pégon

Aksara Pégon iku aksara Arab utawa luwih pas yèn diarani: Aksara Jawi kang diowah-owah lan diréka-réka kanggo nulisaké basa Jawa.

Aksara Arab
هـ
Pégon
ڎ ڟ ڮ چ ڠ ۋ ۑ
Sajarah · Transliterasi
Sandhangan · hamzah ء
Angka

Tembung Pegon jaré asalé saka basa Jawa pégo kang tegesé "ora lumrah". Amerga basa Jawa kang ditulis nganggo huruf Arab dianggep ora lumrah.

Béda karo huruf Jawi, kang ditulis gundhul, huruf pégon mèh mesthi diwènèhi sandhangan swara. Yèn ora, ora diarani pégon manèh, nanging ya gundhul utawa Arab. Vokalitas ing Basa Jawa luwih akèh tinimbang basa Melayu, dadi sandhangan swara perlu tansah ditulis.

Nalikane ngulamak arab lumebu maring jawa, tulisan pegon digawé maknani al-quran lan hadis, Bab iki dilakoni saperlu nggampangake wong jowo mahami makna al-quran lan hadis. Semono uga mungguhe ngulamak arab kang lumebu ing Tanah Jawa, luweh nggampangke nulis aksara pegon tanpa belajar aksara jawa. Sak liyane ndek Tanah Jawa pegon uga kanggo ndek melayu, ndek kana pegon diarani aksara jawi. Kerana aksara jawi kui ditularake ngalim ngulamak jawa kang plesiran ndek melayu perlu nyebarke ajaran agama islam.

Ing ngisor iki pratélan huruf-huruf pegon dituduhaké. Huruf-huruf kang ora ana ing huruf Arab kang asli, diwèhi warna kuning.

Aksara Pégon
Aksara Pegon
Aksara Pégon
Sandhangan swara aksara Pegon

Aksara Pégon ing Tanah Jawa mligi digunakaké déning kalangan umat Muslim kang tangat, mligi déning para santri ing pasantren-pasantren. Lumrahé iki mung minangka nulis komentar ing Al-Qur'an, ing uga akèh naskah-naskah manuskrip carita (kandha) kang kabèh ditulis nganggo pégon. Upamane naskah-naskah Serat Yusup.

Wawacan sabanjuré

  • Th. Pigeaud, Literature of Java, volume III, 1970, 76 - 80
  • B. Arps, Tembang in Two Traditions, 1992
  • Titik Pudjiastuti, Sadjarah Banten, 2000, 94 - 111

Uga delengen

Tags:

AksaraAksara JawiBasa Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Adeg-adeg (aksara)Luna MayaParagrafAdolf HitlerSepurSunan KalijagaMikha TambayongGeni.comKarang Intan, BanjarNovèlAbdullah bin AbbasVitamin AJawa WétanKubukꦠꦺꦠꦿꦶꦱ꧀Pierce BrosnanSinomKutha Purwakerta23 JuliSurat Ali ImranDronaAdjie PangestuMichelle BranchPatiRukun ImanPucungGathotkacaKacerdhasan gawéyanAntarejaMangsa pancarobaKerata basaPerang Donya IIFruktosaDavid BeckhamRuhut SitompulSNMPTNMohammed Sameer LamiLonthongPasisir GadhingWayang purwaPranatacaraAryo WahabSamsungViètnamGéorgiaAndy F. NoyaPananggalan JawaLemperGendhingPadusanJefri NicholSuketScarlett JohanssonBoris JohnsonKutha KadhiriAlengkaGisella AnastasiaDyah Pitaloka CitraresmiTembang dolananLindhu lan tsunami Sendai 2011Albert EinsteinTèknologiMus MulyadiLyman Frank BaumPariwaraThomas AquinasVelociraptorTemulawakSutradharaRahwana🡆 More