Abad Renaisans

Abad Renaisans utawa Jaman Renaisans yaiku jaman lair ulang kabudayan Yunani-Romawi ing Éropah nalika abad kaping 15 nganti 16 M.

Kadadéan iku kawiwitan sawisé ana prabawa saka agama Kristen ing kabudayan sing wis ana. Nanging, wong-wong ing jaman saiki wis nggolèki pathokan utawa panutan anyar kanggo ngganti kabudayan Yunani-Romawi kang wis misuwur kanthi apik. Kabudayan klasik iki uga dipuja lan didadèkaké panutan kabèh peradaban manungsa kang ana.

Abad Renaisans
Lukisan déning Antonello da Messina saka jaman Renaisans

Kabudayan Yunani-Romawi iku kabudayan kang manggonaké manungsa dadi subjèk utawa sing nglakoni kang utama. Salah sijiné yaiku Filsafat Yunani, ing kono nuduhaké yèn manungsa iku makluk kang duwé pikiran lan mikir salawasé ngenani donya lan nentokaké apa kang kudu dilakoni supaya bisa urip, lan bisa olèh kamulyan (eudaimonia).

Ing kasustran Yunani, tuladhané carita ngenani Odisei déning juru gurit Yunani Kuna, Homerus kang nyritakaké babagan waniné manungsa mubengi donya sautuhé kanthi kebak tantangan lan carita pengalaman anyar. Arsitektur gaya Yunani-Romawi nggambaraké yèn manungsa iku bisa nggawé sesambungan kang tentrem ing antarané donya ukum, kakuwatan, lan kaéndahan. Saliyané iku, Bangsa Romawi uga duwé kaprigelan ing babagan organisasi. Kabèh iku mau nuduhaké yèn kabudayan Yunani-Romawi mènèhi panggon kang utama kanggo manungsa kang ana ing kosmos.

Cathetan suku


Tags:

Agama KristenRomawiWongYunaniÉropah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SoehartoUBlock OriginWektu Universal KakoordhinasiNyi BlorongAburizal BakrieNabilah AyuFoo FightersTegesé Aksara JawaꦗꦩꦸꦂꦒꦺꦴꦫꦺꦁꦄꦕꦂꦮꦺꦴꦃVeve ZulfikarKumarinFardhu 'ainKakawin ArjunawiwāhaMangkunagara XZlatan IbrahimovićKalongBrajadhentaGemblongPundu, Cempaga Hulu, Kotawaringin WétanGlenn FredlyKupatSurat As Saffꦏꦺꦴꦩꦺꦠ꧀Pangumbaran TintinAlbert EinsteinJonatan ChristiePenyanyiSetatsiyun KuthaarjaTakbirAnak Jalanan (sinetron)Rustam IbragimbekovOsechiWatu permataIndhiKismisIndiaPariwaraKumbang koksiGedhang9 Maretꦄꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦒꦼꦥꦸꦏ꧀ManungsaApelCatherine WilsonJerapahJatim ParkAristotélèsBakalan, Kandeman, BatangAri LassoPangidhèntifikasi Obyèk DigitalWajik1970Taru MartaniSekakAlamBillie EilishSlowakiaAnggur (woh)FisiologiTedhak sitènTaralliDjohariTumpengSanta AgnesAksara CarakanRamayanaTemu irengAktor4Gerard ButlerKLMHappy AsmaraBlubériMaman AbdurrahmanT-55Reebok🡆 More