Éswatini

Karajan eSwatini utawa Karajan Swaziland iku siji nagara cilik ing kidul Afrika kang ora ndarbèni pasisir lan dumunung ana antarané Afrika Kidul ing sisih kulon lan Mozambik ing sisih wétané.

Umbuso weSwatini
Kingdom of Eswatini
Gendéraning Swaziland
Gendéra
Aditamènging Swaziland
Aditamèng
Motto: Siyinqaba
(Swati: "Kita iku Benteng")
Gunagita: Nkulunkulu Mnikati wetibusiso temaSwati
Dunungpenering Swaziland
KuthagaraMbabane (papréntahan),
Lobamba (karajan lan kehakiman)
BrehakuthaMbabane
JawatbasaSwati lan Inggris
PapréntahanMonarki
Kamardikan
• Banyu (%)
0,9%
Population
• Pikira-kira 2006
1.146.050 (150)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$5,43 miliar (148)
• Saben wong
US$4.995 (104)
ArtacihnaLilangeni (SZL)
Laladan wektuUTC+2
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+2
Kodhé bèl268
TLD internèt.sz

Pulitik

    Artikel utama: Pulitik Swaziland

Kepala nagarané yaiku raja, kang wiwit taun 1986 diwengku déning Raja Mswati III, kang marisi tahka saka bapaké Raja Sobhuza II. Miturut tradhisi, raja ndarbèni kuwasa bebarengan karo ibuné (Indovukazi, Gajah-Betina Besar). Raja Mswati dianggep kepala administrasi nagara déné ibuné minangka kepala rohaniah lan kepala nasional nagara. Minangka siji monarki, raja ora mung nunjuk mahamantri, kepala papréntahan, nanging uga nunjuk sawatara perwakilan kanggo kaloro badan Libandla (parlemen). Senat dumadi saka 30 anggota, lan Dewan Perwakilané ndarbèni 65 kursi, 55 dilungguhi déning wakil kapilih (pemilihan dianakaké saben 5 taun ing sasi November).

Konstitusi 1968 dibatalaké (suspended) taun 1973 sajeroning sawijinié kaputusan Kaanan Darurat kang isih lumaku nganti saiki. Taun 2001 Raja Mswati III nunjuk siji komite kanggo nulis konstitusi anyar. Rancangan diwetokaké minangka komentar ing sasi Mèi 2003 lan November 2004. Nanging, dikritik déning organisasi serikat sipil ing Swaziland lan organisasi hak manungsa ing panggonan liyané.

Raja Mswati III uga asring dikritik amarga urip nikmat ing siji nagara kang kena infeksi HIV paling dhuwur sadonyaiku. Kanthi armada montor méwah, yutan dientèkaké kanggo ndandani pura kanggo para garwané, kosok balèn karo kaanan watara 34% sing ndunungi kang nganggur, mèh 70% urip kanthi pikolèhan kang kurang saka 1 dolar AS sadina, lan kanthi 39% wong diwasa kang kajangkit HIV.

Géografi

Éswatini 
Peta Swaziland
    Artikel utama: Géografi Swaziland

Swaziland ndarbèni sesawangan alam kang manéka warna; saka pagunungan ing sadawané tapel wates Mozambik nganti sabana ing sisih wétan lan alas udan ing sisih kulon-lor. Sawetara kali mili ing nagara iki, contoné Kali Lusutfu. Kanthi 50.000 sing ndunungi, Mbabane, kutha krajan Swaziland, minangka kutha gedhé dhéwé; kutha gedhé liyané kalebu Manzini, Lobamba lan Siteki.

Pamérangan administratif

    Artikel utama: Distrik Swaziland

Swaziland dipérang dad papat distrik:

  1. Hhohho
  2. Lubombo
  3. Manzini
  4. Shishelweni

Dhémografi

Mayoritas sing ndunungi asalé saka suku Swazi, nanging ana sawatara saka suku Zulu, bangsa Éropah, lan pengungsi saka Mozambik. Basa-basa resmi ing Swaziland yaiku basa Swati lan basa Inggris (kang minangka basa tertulis resmi). Agama utama yaiku agama Kristen, kang asring campur karo sawatara kapercayaan tradhisional. Saliyané iku aaa uga komunitas Yahudi lan Muslim.

Deleng uga

  • Pratélan nagara
  • Pratélan nagara miturut bawana

Pranala njaba


Tags:

Éswatini PulitikÉswatini GéografiÉswatini Pamérangan administratifÉswatini DhémografiÉswatini Deleng ugaÉswatini Pranala njabaÉswatiniAfrikaAfrika KidulMozambikNagara

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

TakbirKulawarga basaNana MirdadKucingꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦏꦱꦶKoperasiKarajan ManunggalMateo KovačićSurat As SajdahAncasIwak pitikSisingamangaraja XIIHam sosisTimahKoréa KidulMuhammad Arifin IlhamRuwatan Rambut GimbalClaudius PtolemaeusAdinia WirastiPrasasti YupaKumarinPuputanAnak Jalanan (sinetron)Emma StoneIndhonésia/jvEgy Maulana VikriMohammad HattaLaos (bumbu)KarnaOsechiAnoman DutaBaskin-RobbinsEmbing-embingNadiem MakarimPrastawa BudayaOne Ok RockKerata basaGary NevilleAhmad DahlanKompiAllianz ArenaArané pérangan awakGuru gatraGFDLMaskotKeira KnightleyRuwatanAristotélèsJonatan ChristieSteve JobsDesy RatnasariBebrayanDilraba DilmuratClint EastwoodBankVicky BurkyLionel MessiSitrusTaman Sari NgayogyakartaJa'far ash-ShadiqCitra KiranaXabi AlonsoBiologiSurat Al HadiidSufismeReza ArtameviaForbesParto PatrioJost GippertSurat MuhammadSekakꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮ🡆 More