Keju

Kèju sekang basa Portugis: queijo kuwe panganan sing digawe sekang susu.

Wondéné susu sing kanggé asringipun inggih susu sapi. Sabèntenipun saged ugi nganggé susu méndha, keledhe, kapal kaliyan unta.

Keju
Kéju tipe Gouda sekang negari Walandi.

Kèju anggènipun ndamel sekang susu, dipunicali kandhutan toyanipun kaliyan dipunsukani obat supados saged fermentasi saha mboten bosok. Kèju nggadahi sedaya kadungan wonten susu inggih kadosta :protein, vitamin, mineral, kalsium, vitamin B12, zink, lan fosfor ningen uga lemak lan kolesterol sing saged damel penyebab masalah kesehatan saumpami dipun konsumsi kekathahen. Pakanan iki dikenal ing sakupenging dunya, ningen keju dugaane asale sekang Timur Tengah. Senajan ora ana kapesthen sekang ngendi keju kui, ningen miturut legenda keju ditemokake sepisanan pangembara sekang arab.

Sejarah

Asal-usul

Keju wis digawe awit jaman prasejarah senajan ora ana bukti trep kapan keju pertama digawe. Masyarakat prasejarah mulai ninggalake gaya hidup nomaden lan malih dadi peternak wedhus, domba utawa sapi. Amarga kurang karesikan lan asring kena sinar srengenge langsung mulane susu sing ing bejana dadi kenthel, jebul bareng dipangan rasane enak. Kawiwitan sekang kuwi manungsa nemokake keju krim asam (sour cream cheese). Salah sawijining legenda nyaritakake yen ana pemburu sing mateni sapi, banjur mbukak wetenge lan nemokake saperangan warna putih sing enak. Anane enzim rennet ing jero weteng sapi nyebabake susu dadi kenthel, saengga dadi apa sing kasebut keju saiki. Carita liyane nyebutake yen keju kuwi asale sekang Timur Tengah dening pengembara sekang arab. Pengembara kuwi numpak jaran lan gawa susu ing pelanane. Sawetara suwe susu kuwi wis malih dadi banyusing pucet lan gumpalan-gumpalan putih. Amarga pelana sing kanggo nyimpen susu digawe sekang weteng kewan (sapi, domba,lan wedhus) sing ngandung rennet, dadi campuran sekang rennet, cuaca sing panas lan obah-obahing jaran nalika mlaku bisa ngubah susu dadi keju lan sekang kuwi wong-wong mulai nggunakake enzim sekang weteng kewan kanggo gawe keju.

Yunani lan Romawi kuno

Mitologi Yunani Kuno nyebutake yen Aristaeus kuwi panemu keju.Odyssey tulisan Homer (800 SM) nyebatake yen Cyclops gawe keju sekang susu domba lan wedhus . Keju sekang susu wedhus kuwi komoditas sing cukup penting ing Yunani, lan masyarakat Yunani percaya yen keju bisa nggawe perwira luwih kuat lan bisa ngrangsang nepsu birahi . Hippocrates nggunakake keju gawe ngobati radang lan keju uga digawe sesaji kanggo dewa-dewa . Kebudayaan Romawi kuwi sing banjur ndadekake keju akeh jinise kaya saiki. Bangsa Romawi kuwi kikenal bangsa sepisanan kang mangerteni bab proses gawe lan nyimpene keju, bangsa Romawi mangerteni akibat teknik gawe kang beda kuwi nyebabake rasa lan karakter keju uga dadi beda. Bangsa Romawi nggawa keju lan seni gawene nalika ngalahake Gaul, bangsa Perancis lan Inggris, sing banjur disambut apik.

Cathetan suku

Pranala njaba

Tags:

Keju SejarahKeju Cathetan sukuKeju Pranala njabaKejuJaranSusu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

10 MeiDaftar kabupaten lan kota nang Sulawesi Tengah23 April1859AlbaniaWikipedia basa JepangFisika5 JuliBasa InggrisSoekarnoDaftar Gubernur Jawa TimurEropahPulo NusakambanganKamandakaBelitang, Ogan Komering Ulu Timur12 JanuariDaftar Presiden Indonesia1975Batalyon raiderYunaniIrakDesaBill GatesKalendher GregorianPelabuhan Ratu, Sukabumi28 AprilCharles Darwin23 JuliKabupaten Banyuwangi1 Juli2002Muhammad Husein MutaharBiologiSekretaris Jenderal PBB14171246Kabupaten PurwakartaBabelan, BekasiIsaac Newton1970NET.AstronomiPerhimpunan Bangsa-bangsa Asia TenggaraBumi200811 Maret12032021Finlandia10 AprilAsia15 AgustusKabupaten Kuningan807Republik Dominika1937Imam Syafi'iGunung Slamet16 JanuariAl-Qur'an1190Basa JermanDanau Panggang, Hulu Sungai Utara19 JuliA16 SeptemberBosnia-Herzegovina11 Agustus30212 Juni🡆 More