Ki Hadjar Dewantara

Ki Hadjar Dewantara lair ing Ngayogyakarta, 2 Mèi 1889 – pati ing Ngayogyakarta, 26 April 1959 ing umur 69 taun; iku pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.

Ki Hajar Dewantara
Ki Hadjar Dewantara
Ki Hajar Dewantara
Mantri Pendhidhikan Nasional Républik Indonésia 1
Linggih
2 September 1945 – 14 November 1945
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéOra ana, kalungguhan anyar
Kang sawiséTodung Sutan Gunung Mulia
Rerincèn dhiri
Lair(1889-05-02)2 Mèi 1889
Nèderlan Yogyakarta, mangsa Hindia Nèderlan
Pati26 April 1959(1959-04-26) (umur 69)
Indhonésia Yogyakarta, Indonésia
AgamaIslam

Lair kanthi jeneng Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kaya déné para priyayi utawa wong-wong Walanda.

Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur ya iku "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing ariwarta de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis sajeroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindhia Walanda (Indonésia), sing wektu iku isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.

Ki Hajar Dewantara séda tanggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlathi, Sléman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mèi, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonésia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonésia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.

Uga delengen

Réferènsi

Pranala njaba


Didhisiki déning:
ora ana
{{{jabatan}}}
1945
Diganti déning:
Todung Sutan Gunung Mulia


Tags:

188919592 Mèi26 AprilIndonésiaNgayogyakartaPendhidhikanPribumi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Widy Soediro NichlanyBig Bang (grup musik)Sepur JoglosemarkertoPurwapadaBasa ArabSastraꦱꦼꦩꦶꦂꦱꦼꦥꦠꦸEgy Maulana VikriYupiterOmpakKerisArimbiAlamat IPꦗꦏꦮꦶꦢꦢDelimaꦠꦥꦼꦭ꧀ꦗꦫꦤ꧀WikipédiaWikiGunung TamboraSurat Al QadrDream HighPandhawaYuen BiaoOmah adat JawaWangsalan1140-anMauritiusEricsson GF 388Jawa TengahTembung sesulihPlanèt cilikAntimonHacker & Koch G36Surat Al MuzzammilTampahRaja Ali HajiBimasektiPapan Anggegana Internasional Hong KongVladimir LeninWikinewsGibran RakabumingTèknologiArab SaudiWiki FoundationBanaspatiWlirangMuhammad Arifin IlhamWit èkSerie AMaliPurwakanthiSengkalanPanagaraning IndhonésiyahSepasaranTeguh OstenrikBaronganWhatsApp633Roger DanuartaPitulungNanna (mitologi)Éjaan Basa JawaPrastawa BudayaHermann HesseKaum TsamudAmien RaisTribadKanadhaAline Adita🡆 More