Jawa (basa jawa: ꦗꦮ, translit.
jåwå, jawi: جاوا, pegon: جاوه, hanzi: 爪哇, basa arab: جاوة, hindi: जावा, basa tamil: ஜாவா, basa sunda: ᮏᮝ, basa madura: jhâbâh, basa bali: ᬚᬯ) punika asma klintu sawijiné pulo lebet indonésia, jembaré wonten 132,000 km², kaliyan pendhudhuké wonten 114 yuta jiwa. pulo menika pulo ingkang padhet kaliyan kebak dhéwé lebet indonésia. kapadhetané wonten 864 jiwa sa-km². yèn pulo menika nagari, wus dados nagari ingkang padhet nomer kalih sedunia
Geography | |
---|---|
Location | Asia Kidul-Wétan |
Coordinates | 7°30′10″S 111°15′47″E / 7.50278°S 111.26306°E |
Archipelago | Kapulowan Sundha Gedhé |
Administration | |
Indonésia | |
Demographics | |
Population | 124 yuta |
Pulo Jawa kapérang dadi 6, Pamaréntah Provinsi [Sadurungé Otonomi Laladan jenengé Laladan Tingkat I/Laladan Istimewa ]
Saben provinsi ing Jawa mau banjur kapérang manèh dadi tlatah sing luwih cilik yaiku kabupatèn lan kutha (sadurungé Otonomi Laladan jenengé Pamaréntah Daerah Tingkat II Kabupatèn utawa Kotamadya).
Ana 2 suku gedhé ing pulo iki yaiku wong Jawa lan wong Sundha. Wong Jawa lumrahé manggon ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan Jawa Wétan, wong Sundha ing Jawa Barat. Suku gedhé liyané ing pulo Jawa yaiku, wong Madura, wong Baduy, wong Samin lan wong Tengger.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa
Budaya sing urip ing pulo Jawa lumrahé asalé saka budaya India sing lumebu ing pulo Jawa liwat agama Hindhu lan Buda iku watara taun 400 M, sadurungé iku budaya sing urip yaiku budaya/peradhaban primitif. Saliyané saka India, uga ana prabawa budaya saka Cina, Arab lan liyané uga saka agama-agama Islam, Kristen lan agama/kepercayaan primitif kaya Animisme, Kajawèn lan liyané.
Lan basa-basa liyane.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Jawa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.