Tikus

Tikus iku kéwan kang kalebu kulawarganing Rodentia.

Tikus
Kalamangsa: Miosen Akir-Saiki
Tikus
Mencit Mus musculus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Rodentia
Superfamili: Muroidea
Famili: Muridae
Linnaeus, 1758
Tikus
tikus

Saka ukurané ana kang gedhé, lan ana kang cilik. Tikus uripé ing ngendi-ngendi panggonan. Ana kang urip ing got, alas, gladhak kapal, sawah, nganti urip ning omah-omah karo manungsa.

Tikus pakanané rupa-rupa, wiwit saka pari, nganti kadhang daging uga dipangan. Tikus bisa manak nganti puluhan lan angèl dituntaské déning manungsa amarga tikus iku rikat yèn nduwé anak. Anaké tikus diarani cindhil.

Jinis-jinising tikus yaiku:

Tikus saliyané dadi mungsuhing manungsa lan nyebaraké lelara kaya sampar, ing nagara-nagara Walanda akèh kang ndadèkaké tikus minangka kéwan klangenan, malah disayembarakaké kaya Miss Universe, Ratu ayu tikus lan olèh bebungah medali lan dhuwit.

Mbasmi

Kanggo mbasmi tikus pancén rada angél. Tikus kalebu kéwan kang pinter lan titèn yèn ngerti racun utawa jebakan. Kajaba iku tikus rikat banget manak saéngga cacahé rikat banget tambah. Yèn ora dibasmi tikus bisa nggawé koloni. Ana cara kang jitu supaya tikus bisa lunga saka omah. Sepisan bisa kanthi cara ngendhalékaké gasangan lan jebakan nganggo piranti lan racun. Cara kang nomer loro yaiku cara kang nggunakaké perangkap kanggo ngusir tikus. Piranti iki bisa nggunakaké aliran listrik utawa setrum. Saben cara ana kaluwihan lan kakurangané.

Gasangan lan jebakan

Ana akèh metode utawa cara kanggo matèni ama tikus, cara iku bisa nganggo gasangan utawa jebakan. Kang paling umum yaiku nganggo penjepit, kurungan lan lém tikus.

Jebakan kanthi model kurungan relatif luwih aman amarga ora nggunakaké bahan kimia kang ana racuné. Bathang tikus uga ora angél yèn diluru amarga tikus bakal mati ing njero perangakap, némplék ing lem utawa ing njero kurungan. Saben kurungan bisa dileboni kurang luwih 15-20 tikus. Tikus got kang ukuran awaké 25 cm uga bisa lumebu ing kurungan iki. Kurungan tikus uga duwé kakurangan. Kurungan tikus gampang dititéni tikus. Umpamané ana tikus kang lumebu lan kajebak ing njero kurungan, wayah iku uga tikus liyané bisa ucul saka kurungan. Tikus kang wis bisa metu mau bakal duwé akal lan ora bakal liwat ing area kurungan iku manèh. Racun tikus bisa maténi tikus kanthi rikat. Cara iki éféktif nalika populasi tikus akèh banget cacahé. Racun tikus wujudé bubuk lan duwé warna ireng. Racun iki bisa diwuwurna ing panganan tikus kaya ta keju utawa kacang-kacangan. Tikus banjur mangan panganan kang ana racuné mau banjur klenger yèn wis sakjam. Racun mau bakal ana reaksiné ing awak. Gasangan nganggo racun tikus uga duwé kalemahan. Tikus kadhang-kadhang ora mangan racuné yèn kancan wis mati gara-gara mangan gasangan mau. Kajaba iku, tikus kang wis kena racun bakal mati saenggon-enggon saéngga bathang tikus bakal angél tinemu. Lumrahé bathang tikus tinemu yèn wis bosok lan wis mambu. Nanging yèn ora rikat-rikat tinemu, bathang tikus bakal maragaké lelara.

Racun tikus uga ana kang wujudé bunder lan ana bahan campuran kang disenengi tikus. Racun tikus ngandhut warfarin. Cara kerjané kanthi nggawé pendarahan ing rètina mata tikus. Racun iki bakal ngurangi daya pandang tikus. Saya suwé tikus bakal mati keselen luru panggonan kang padhang supaya bisa ndelok. Tikus mati kurang luwih patang dina sawisé mangan racun.

Perangkap

Saliyané piranti kanggo nyekel tikus kanthi konvénsional, ana uga piranti perangkap tikus éléktrik. Piranti iki nggunakaké listrik AC lan uga kena nganggo bateré. Prinsip kerjané padha kaya perangkap tikus biyasa. Tikus dipancing nganggo umpan lan lumebu ing perangkap. Sawisé iku, tikus bakal mati amarga kena setrum listrik saka piranti élektrik iku. Perangkap iki uga ana lampu indikatoré kang murup ijo yèn ana tikus kang lumebu. Lampu indikator iki tujuwane supaya pengguna bisa gampang mangerténi lan mbuang bathang tikus.

Kang dadi kaluwihané piranti iki yaiku ora ana zat kimia kang ngandhut racun ing piranti iki. Bathang tikus uga bisa dibuak lan ora marakaké kecing ambuné. Saliyané nganggo listrik, nyekel tikus uga kena nganggo karbondioksida. Béda karo piranti kang éléktrik, piranti iki nggunakaké gelombang éléktronik. Gelombang ultrasonik iki bisa nganggu saraf ing kuping tikus lan gegremet liyané, ananging bisa aman kanggo manungsa lan kéwan liyané. Sawisé tikus padha mati, resiki omah saéngga tikus ora teka manèh. Kajaba iku tutup dalan tikus kanggo lumebu omah lan resiki panggonan kang bisa dadi sarang tikus.

Racun

RatTropik yaiku racun tikus kang biyasa dianggo maténi tikus ing tlatah tropis. Racun iki ngandhut bahan aktif Bromadiolon. Tikus kang wis mangan racun iki, 3-4 dina sawisé mangan racun bakal terus luru banyu ing peceren, got amarga krasa ngorong terus. Tikus bakal metu luru banyu saéngga tikus ora bakal mati ing njero omah, saéngga ora marai kecing ambuné.

Ana uga racun tikus jinis petrokum 0,005 RB. Racun iki bisa maténi tikus ing kebun klapa sawit, ing sawah, utawa tikus omah. Racun iki ora dicampur ing panganan utawa ombénan. Racun iki nggawé tikus mati kanthi cara garing dadi ora mambu kecing.

Penyakit

Kuman kang njalari lelara kencing tikus utawa leptospirosis bisa nular saka kéwan ning manungsa.

Miturut Pakar Perunding Veterinar, Dr. Intan Suriati Abdul Manaf, leptospirosis disebabaké bakteria Leptospira sp. Bakteri iki wujudé tipis, lilit-lilitan kaya mata gerudi. Bakteria Leptospira uga bisa urip ing banyu kang tawa nganti sesasi. Bakteri iki uga bisa manak ing banyu masin. Kéwan kang nggawa bakteri Leptospira akèh-akéhé kéwan ingon kaya ta kucing, arnab, sapi, babi, jaran, kirik. Saliyané iki bakteri iki uga bisa ditularaké kéwan alasan kaya ta rakun lan srenggala. Penyakit kencing tikus iki uga diarani lelara Weil, Demam Icterohemorrhage, Penyakit Swineherd's, Demam pesawah (Rice-field fever), Demam Pemotong tebu (Cane-cutter fever), Demam Swamp, Demam Blethok, Jaundis berdarah, Penyakit Stuttgart, Demam Canicola. Penyakit iki nular kanthi banyu kang wis tercemar karo kuping, kulit, iler irung, cangkem lan mata tikus.

Dr Christopher Lee nerangaké yèn lelara iki bisa nyerang ing kabéh tlatah donya mligi ing nagara kang iklimé tropis. Bakteri leptospirosis bakal akèh populasiné nalika wayah udan utawa banjir. Wong kang kerep kerja lan duwé kagiyatan ing jaba luwih gampang kaserang leptospirosis.

Rekod WHO nuduhake kes wabak leptospirosis kang paling akèh maténi wong yaiku nalika jaman Taufan Mitch pada 1995.

Penyakit iki bisa nyerang polo utawa diarani meningitis, kegagalan fungsi hati lan buah pinggang, pendarahan kang ora mandheg-mandheg.

Cathetan suku

Tags:

Tikus MbasmiTikus RacunTikus PenyakitTikus Cathetan sukuTikusAlasKapalKéwanManungsaOmahRodentiaSawah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Mario TeguhAnak Jalanan (sinetron)KomikCenilJepangWektu Universal Kakoordhinasi875Temu kunciSepur MajapahitIrigasiHibiki ŌtsukiBauwarnaLee Jong-sukPamrentahan Lurung GazaGaliyumAtéismeWiki FoundationLombokAllahAlas tropisPound sterlingKéwan gegremetanMahabharata1889WunguIwak maburGajah gajahSalam Lintas AgamiRengginangVaksinKalkulusDenny CagurMasjidil KaramAntivirus komputerTobey MaguireRambutKali BrantasGasMassachusettsÉropa KidulMünchenAngklungSurat Al QadrTumpengUlah ragaTokyo GhoulAlda RismaHiraganaBlilu tau pinter durung nglakoniWikisumberFilipinaMikul dhuwur, mendhem jeroAsparagus (tanduran)TogogEgy Maulana VikriBale Sigala-galaNew MexicoRachmat WitoelarZanzibar800LiberalismeAgustusAsia-PasifikVierraCathetan padinanPlabuhanSukulenUkara gothangNeurologiCumbana payudaraKalédonia AnyarEmasYuyuAksara CarakanKomètMarie Antoinette🡆 More