Bisbol utawa kondhang kanthi jeneng baseball iku ulah raga kang dimainaké déning rong tim.
Pitcher) saka tim kang nguncalaké, nyoba nguncalaké bal kang dijenengi bal bisbol, déné juru main (batter) saka tim kang nggebug bal nyoba nggebug bal nganggo slah (bat). Tim kang nguncalke bal kudu bisa nyekel bal kang digebug déning tim lawan supaya bisa gantian nguwasani dolanan. Tim kang nggebug olè angka kanthi cara lumayu nglawan arah jarum jam banjur balik manèh ' menyang home plate sawisé ngidak marka ing lapangan bisbol kang dijenengi base. Bisbol uga dijenengi hardball kanggo mbedakake karo ulah raga sofbol. Lapangan bisbol wujudé bujur sangkar (baseball diamond) karo base kang manggon ana ing telung pojokan. Let antara base siji karo base kang liyané ya iku 27,432 mèter (90 kaki). Slah kanggo nggebug bat) wujudé silinder dawa lan alus kang digawé saka kayu (persyaratan pemukul bisbol profésional) utawa bahan logam. Peraturan ana ing permainan iki dikembangake ing Amérikah Sarékat saka permainan kang nganggo pemukul lan bal kang dimainake ing Inggris. Bisbol ya iku ulah raga kang dimainaké kanthi tim lan populèr ing Amérika Lor, Amérika Latin, Karibia, lan Asia Wétan.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Bisbol, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.