Wikipédia: Bauwarna anéka basa ing internet

Wikipédia (pangucapan: Wi·ki·pæ·di·a utawi Wi·ki·pi·di·a) punika proyèk ensiklopedia multibasa salebetipun jaringan ingkang bébas lan terbuka, ingkang dipunlampahaken déning Wiki Foundation, satunggiling organisasi nirlaba ingkang basisipun ing Amérikah Sarékat.

Nami Wikipédia asalipun saking gabungan tembung wiki lan encyclopedia. Wikipédia dipunrilis nalika taun 2001 déning Jimmy Wales lan Larry Sanger, lan sapunika minangka karya réferènsi paling ageng, rikat ngrembaka, lan populèr ing internet. Proyèk Wikipédia gadhah don kanggé maringaken èlmu pangertosan manungsa ugi ndamel bauwarna ingkang pepak piyambak ing sadaya basa ing saubengipun donya. Sedaya tiyang saged tumut nyumbang.

Wikipédia
Gambar layar portal multibasa Wikipédia.
Gambar layar portal multibasa Wikipédia.
Jinising situs
Ensiklopedia daring
Ana ing basa236 edisi aktif (total 253)
Kantor gedhéMiami, Florida
Kang duwéWiki Foundation
Digawé déningJimmy Wales, Larry Sanger
Slogan(s)The free encyclopedia that anyone can edit.
Situs jaringanwww.wikipedia.org
DagangBoten
RègistrasiOpsional
Kababar(2001-01-15)15 Januari 2001
Setatus saikiSalebetipun prosès ingkang tansah lumampah teras (boten bakal rampung)

Wiki sampun dipunpuji amargi mbantu proses demokratisasi kawruh, cakupanipun ingkang jembar, struktur unik, lan budayanipun. Wikipedia sampun dipunkritik]] amargi nuduhaken pangayoman sistemik, utamané prakiraan gender marang wanita lan prakiraan geografis marang Global Kidul (Eurosentris). Sanadyan kapercayan marang Wikipedia asring dipunkritik ing taun 2000-an, nanging kawilujenganipun sampun ningkat mangsa-mangsa, nampi pujian ing pungkasan taun 2010-an lan awal taun 2020-an, sampun dados situs pemeriksaan fakta ingkang penting.

Tuwuhing artikel

Wiwit resmi dipunluncuraken nalika tanggal 15 Januari 2001, Wikipédia basa Inggris sampun ngalami tuwuhing artikel ingkang ngéramaken. Tanggal 21 Januari 2003, gunggung artikel ingkang dipungadhahi sampun ngantos 100.000 artikel, lajeng nalika tanggal 01 Maret 2006, sampun gadhah 1.000.000 artikel. Angka punika tambah teras dados 2.000.000 artikel nalika tanggal 09 September 2007 lan nembus angka 3.000.000 artikel nalika tanggal 17 Agustus 2009.

Dumugi wulan September 2010, proyèk Wikipédia ingkang sampun gadhah gunggung artikel langkung saking 1.000.000 namung wonten 3 basa, inggih punika basa Inggris, basa Jerman ingkang sampun nembus angka punika nalika tanggal 27 Dhésèmber 2009 lan basa Prancis ingkang sampun nglampahi nalika tanggal 21 September 2010.

Éwadéné Wikipédia basa Indonésia, sepindhah gadhah artikel nalika tanggal 30 Mèi 2003. Angka punika dados 1.000 artikel nalika tanggal 16 Maret 2004, lajeng nembus angka 10.000 artikel nalika tanggal 31 Mèi 2005. Gunggung 100.000 artikel dipungayuh nalika tanggal 21 Fèbruari 2009. Nalika tanggal 9 Fèbruari 2011, Wikipédia basa Indonésia sampun gadhah langkung saking 153.000 artikel.

Sauntawis Wikipédia basa Jawi, artikel sepindhahipun kacathet tanggal 8 Maret 2004, nggayuh 1.000 artikel tanggal 7 Mèi 2005, lan 10.000 artikel tanggal 3 Mèi 2001. Nalika tanggal 12 Fèbruari 2011, Wikipédia basa Jawi sampun gadhah langkung saking 32.000 artikel.

Piranti alus

Wikipédia: Tuwuhing artikel, Piranti alus, Saingan Wikipédia 
Server-server Wiki ing Tampa

Wikipédia dipunlampahaken kanthi nganggé piranti alus MediaWiki déning server-server kagunganipun Yayasan Wikimedia. Dumugi tanggal 13 Mèi 2006 Wikipédia lan proyèk-proyèk Wiki sanèsipun dipunlampahaken déning 175 server ingkang papanipun ing 4 lokasi ingkang bènten inggih punika ing Tampa-Florida-Amérikah Sarékat, Paris-Prancis, Amsterdam-Walandi, sarta ing lokasi Yahoo!.

Princèn server miturut lokasinipun inggih punika:

  • Tampa, Florida:
    • 14 server mawi basisdata MySQL,
    • 18 server Squid,
    • 93 server Apache, lan
    • 12 server sanèsipun kanggé manéka kabetahan.
  • Paris, Prancis:
    • 3 server Squid.
  • Wala erdam, Walandi:
    • 12 server.
  • Yahoo!:
    • 23 server.

Saingan Wikipédia

Parodi Wikipédia

  • Uncyclopedia
  • Encyclopaedia Dramatica

Sitiran

Priksani ugi


Tags:

Wikipédia Tuwuhing artikelWikipédia Piranti alusWikipédia Saingan Wikipédia Parodi Wikipédia SitiranWikipédia Priksani ugiWikipédiaAmérikah SarékatBauwarnaEnsiklopediaInternetWikiWiki Foundation

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Chow Yun-fatGunung BurangrangSwikeeY.B. MangunwijayaLadya CherylKairoJenang KudusPark Shin-hyeRirin Dwi Ariyanti1546Badan SAR NasionalSetatsiyun Semarang TawangChelsea OliviaPanasonic GD90Dian NitamiPandhitaNanotèknologiIwak kutuk2017BankSurat LuqmanHindhuPananggalan GrégoriyusTendangan dari LangitRévolusi RusiaMeutya Hafidabad ping 4Kabupatèn SamosirPanganan pambukaSpongeBob SquarePantsPratélaning blegering OstenrikMasturbasiPeturasan1829UranusLiverpool F.C.J. R. R. TolkienCilangkap, Cipayung, Jakarta Wétan2006Sarwo Edhie WibowoXXX (filem 2002)WikiJulius CaesarUBlock OriginAnies BaswedanAnang HermansyahPiramida Agung GizaLemakHamengkubuwana IICiracas, Jakarta WétanAntioksidanFachri AlbarAve Maryam131Hibiki ŌtsukiLuna MayaAlaskaSurat Al 'AnkabuutBaskin-RobbinsA.C. ParmaFC Schalke 04Evi TamalaE=mc²ArubaArmèniSepur JoglosemarkertoAli AlatasLa La Land (filem)PSV EindhovenNagita SlavinaMarissa NasutionFranklin Delano RooseveltAngelina Sondakh🡆 More