Pananggalan Saka: Sawijining cårå nemtokaké tanggal lan sasi

Pananggalan Saka utawa Kalèndher Saka iku pananggalan sing asalé saka India.

Pananggalan iki minangka siji pananggalan syamsiah-kamariah (candra-surya) utawa kalèndher luni-solar. Era Saka diwiwiti ing taun 78 Masehi.

Jeneng wulan

Sawijining taun Saka dipérang dadi rolas wulan. Ing ngisor jeneng wulan-wulan mau:

  1. Srawanamasa, kurang luwih trep karo wulan Juli-Agustus utawa wulan Jawa/Bali Kasa
  2. Bhadrawadamasa, kurang luwih trep karo wulan Agustus-September utawa wulan Jawa/Bali Karo
  3. Asujimasa, kurang luwih trep karo wulan September-Oktober utawa wulan Jawa/Bali Katiga
  4. Kartikamasa, kurang luwih trep karo wulan Oktober-November utawa wulan Jawa/Bali Kapat
  5. Margasiramasa, kurang luwih trep karo wulan November-Dhésèmber utawa wulan Jawa/Bali Kalima
  6. Posyamasa, kurang luwih trep karo wulan Dhésèmber-Januari utawa wulan Jawa/Bali Kanem
  7. Maghamasa, kurang luwih trep karo wulan Januari-Fèbruari utawa wulan Jawa/Bali Kapitu
  8. Phalgunamasa, kurang luwih trep karo wulan Fèbruari-Maret utawa wulan Jawa/Bali Kawolu
  9. Cetramasa, kurang luwih trep karo wulan Maret-April utawa wulan Jawa/Bali Kasanga
  10. Wesakhamasa, kurang luwih trep karo wulan April-Mèi utawa wulan Jawa/Bali Kasepuluh/Kadasa
  11. Jyesthamasa, kurang luwih trep karo wulan Mèi-Juni utawa wulan Jawa Dhesta utawa Bali Desta
  12. Asadhamasa, kurang luwih trep karo wulan Juni-Juli utawa wulan Jawa Sadha utawa Bali Desta

Jeneng mangsa

Ing India satu taun dipérang dadi enam mangsa, utawa karo tembung lain setiap mangsa berlangsung dua wulan. Ing ngisor jeneng-jeneng mangsa

  1. Warsa, mangsa udan trep karo Srawana lan Bhadrawada.
  2. Sarat, mangsa rontok, lan seterusnya.
  3. Hemanta, mangsa adhem
  4. Sisira, mangsa sejuk kabut
  5. Basanta, mangsa semi
  6. Grisma, mangsa panas

Taun Luni-Solar

Amarga wulan-wulan sajeroning pananggalan Saka mung dumadi dari 30 hari, mula taun anyar kudu disesuaiaké saben taun kanggo ngiringi daur ubengan srengéngé.

Sajarah Kalèndher Saka

Pananggalan Saka diwiwiti ing taun 78 Masehi lan uga ingaran minangka pananggalan Saliwahana (Sâlivâhana). Wektu semana Saliwahana sing dadi ratu misuwur saka India pérangan kidul, ngalahaké kaum Saka. Nanging sumber liya nyebutaké yèn kaum mau dikalahaké déning Wikramaditya (Vikramâditya). Wikramaditya iku mungsuh utawa saingan Saliwahana, asalé saka India pérangan lor.

Ngenani kaum Saka ana sing nyebut yèn kaum iki kalebu sukabangsa Turki utawa Tatar. Nanging ana uga sing nyebut yèn kalebu kaum Arya saka suku Scythia. Sumber liya manèh nyebut yèn kaum iki sakbeneré wong Yunani (sajeroning basa Sansekerta ingaran Yavana sing kuwasa ing Baktria (saiki Afganistan).

Pananggalan Saka ing Indonésia

Sadurungé lumebu agama Islam, para sukubangsa ing Nusantara pérangan kulon sing kena prabawa agama Hindhu, migunakaké pananggalan Saka. Nanging kalèndher Saka sing dipigunakaké dimodifikasi déning sawatara sukubangsa, mligi wong Jawa lan Bali. Ing Jawa lan Bali kalèndher Saka ditambahi karo cara pananggalan lokal. Sawisé agama Islam lumebu ing Mataram, déning Sultan Agung diwanuhaké kalèndher Jawa Islam sing dadi perpaduan antara kalèndher Islam lan kalèndher Saka. Ing Bali kalèndher Saka sing wis ditambahi karo unsur-unsur lokal dianggo nganti saiki, semono uga ing sawatara laladan ing Jawa, kaya ing Tengger sing akèh panganut agama Hindhu.

Uga delengen

Pratélan Pustaka

  • Dowson, John, 1992, A Classical Dictionary of Hindu Mythology and Religion. New Delhi: Heritage Publishers.
  • Ricklefs, M.C., 1978, Modern Javanese historical tradition: a study of an original Kartasura chronicle and related materials. London: School of Oriental and African Studies, University of London.
  • Zoetmulder, P.J., 1983, Kalangwan. Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Jakarta: Djambatan.
  • Zoetmulder, P.J., 1995, Kamus Jawa Kuna-Indonésia. Bekerja sama karo S.O. Robson. Penerjemah Darusuprapta lan Sumarti Suprayitna. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.

Tags:

Pananggalan Saka Jeneng wulanPananggalan Saka Jeneng mangsaPananggalan Saka Taun Luni-SolarPananggalan Saka Sajarah Kalèndher SakaPananggalan Saka ing IndonésiaPananggalan Saka Uga delengenPananggalan Saka Pratélan PustakaPananggalan Saka78India

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Muhammad Quraish ShihabVicky NitinegoroBonang panerusSoekarnoPitikWashington, D.C.Tapak daraꦄꦢꦽꦩ꧀Lee Kwang-sooEnergi PotensialTembung krama inggilZulkifli HasanDaihatsu MiraKumbang koksiTaj MahalWarkopFebby FebiolaF-35 Lightning IIBarabudhurPada pangkatMusikMasjid NabawiAgeng TirtayasaNgantru, TulungagungMr. KrabsDenny CaknanBir PletokRuwatan Rambut GimbalDhini AminartiBrajamustiOstraliAyu DewiSèngMusiyum Pusat TNI AU Dirgantara MandalaYouTubeMedia CirebonJepangCut Nyak DhienFlorence NightingaleFerry MaryadiBenito MussoliniAcar wohDeswita MaharaniFisiologiElloOlahan GhanaKakawin ArjunawiwāhaTsukasa AoiUtha LikumahuwaAdinia WirastiFoo Fightersꦏꦼꦛꦺꦴꦥꦿꦏ꧀ (ꦥꦔꦤꦤ꧀)Tembung aranÉkologiChristian BautistaAhmad DahlanBauwarnaMamaliaKonduktivitas termalMontor maburPS Barito PuteraBasa KwangtungSunan KudusPupuk Sriwidjaja PalembangKethoprak (panganan)Organisasi Kerja Sama IslamBathara SuryaJurnalistikAndi Sultan Daeng RadjaYuni SharaDhakonAura KasihSt. PetersburgDavid BeckhamSMK Negeri 2 BloraLee Jong-sukNagasari🡆 More