Basa Nurwègen

Basa Nurwègen (Basa Norsk) yaiku basa Jermanik kanthi udakara 5 yuta panutur ing Nurwègen, Swèdhen, Kanadha, lan AS.

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Nurwègen
norsk
Pronunciation [nɔʂk]
Dituturaké ing Nurwègen (4.8 juta),
Amérikah Sarékat (80,000)
Dhènemarken (15,000)
Kanadha (10,000)
Wilayah Karajan Nurwègen, Nagara-nagara Nordik,
Dakota, Minnesota, Wisconsin (Amérikah Sarékat)
Gunggung panutur 5 juta Bangsa Nurwègen
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
  • Germanik
    • Jermanik Utara
      • Nurwègen
Sistem tulisan Latin (Varian Nurwègenn)
Status resmi
Basa resmi ing Nurwègen
Dewan Nordik
Regulated by Dewan basa Nurwègen (Bokmål dan Nynorsk)
Akademi Nurwègen (Riksmål)
Kodhe basa
ISO 639-1 no – Nurwègenn
nb – Bokmål
nn – Nynorsk
ISO 639-2 nor – Nurwègenn
nob – Bokmål
nno – Nynorsk
ISO 639-3 either:
nob – Bokmål
nno – Nynorsk

Sajarah

Basa tulis Skandinavia kang sepisanan dingertèni yaiku basa Nurwègen Kuno utawa Dansk tunga (ilat Dhènemarken), kang ana sajeroning tulisan Rune saka udakara 700 M menduwur. Antarané 800 lan 1050 M sawiwjining pérangan wwit ana antarané Norse Timur, kang ngrembaka ing basa Swèdhen lan Dhènemarken, lan Nurwègen Barat, kang ngrembaka ing basa Nurwègen, Pharur, lan Èslan. Pendudukan Viking nyebaraké logat Nurwègen Barat ing Orkney, Shetland, Pulau Man, Sekotlan Barat, Hebrida, Irlandia, KapuloanPharur, Èslan, lan Tanah Hijau.

Wiwitané sastra Nurwègen, mligi puisi lan prosa sajarah, ditulis nggunakaké basa Norse Barat lan maju antarané abad ke-9 lan 14. Sawisé iku Nurwègen kalebu Swèdhen banjur kekuasaan Dhènemarken. Basa Nurwègen terus dituturaké nanging basa Dhènemarken minangka ancas resmi, minangka basa sastra lan sajeroning pendidikan tinggi.

Sawisé Nurwègen pisah saka Dhènemarken ing 1814, basa Dhènemarken terus digunakaké ing sekolah nganti 1830-an, nalika obahan pambentukan basa kebangsaan lagi ana. Pamikiran samburiné perobahan yaiku basa Dhènemarken katulis béda nganti basa katulis Nurwègenne angèl disinaoni, lan amarga dipercaya yèn saben nagari kudu duwé basa dhéwé.

Ana debat temenan ngenani kepriyé ngupayakaké panyiptanan basa nasional lan 2 basa tuwuh-Landsmål (basa nagari), dhedhasar basa paclathon Nurwègen lan logat laladan, mligi logat Nurwègen Barat, lan Riksmål (basa nasional), dhedhasar dialèk pinilih lan Norse Kuno, diresikakaké saka panyilihan asing lan mèmper basa Dhènemarken tinulis.

Tags:

Amérikah SarékatKanadhaNurwègenSwèdhen

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

VenusSurat Al An’amPananggalan GrégoriyusNew AmsterdamGedhang gorèngFisikaTaman Nasional Bukit Barisan SelatanRengginangRuwatan Rambut GimbalGambangYudas IskariotBebrayanCeresAyu DewiLiga Super IndonésiaMitoniReza RahadianFanny FabrianaAdolf HitlerKhalifahAnomanLesmanaAndi Alfian MallarangengGunung RaungKéwanHalogenWidy Soediro NichlanySuster3 IdiotsRukun IslamHabib Muhammad Luthfi bin YahyaTaman Candi NgawiRumeniKlanjer gondhokStadion Gelora Bung KarnoDéklarasi DjuandaÈnsiklopédhiBeirutWirathaparwaIranAlyssa SoebandonoPamrentahan Lurung GazaWikisastraPananggalan TionghoaCut Nyak DhienMasturbasiBeksan GandrungSerangan Umum 1 Maret 1949PawadonanNikelNatriyumTembung panyilahBasa Arab MesirJohn von NeumannAlamat IPLantanumTata SuryaHerodotusBabiloniaWukuJay IdzesHanyu PinyinJesse JamesDuka yayah sanipi, jaja bang mawinga-wingaMacapatSurat Ali ImranXXX (filem 2002)Rafael StruickMario TeguhGoogle Chrome800🡆 More