Marxisme ya iku siji paham kang mèlu ngetutke pandangan-pandangan saka Karl Marx.
Marx nyusun siji téyori kang ana gegayutane karo ékonomi, sosial, lan pulitik. Pengikut saka téyori iki dijenengi Marxis. Perkara kang kalebu ana ing Marxisme ya iku materialisme dialektis lan materialisme historis lan uga panerapane ana ing babagan sosial. Marxisme ya iku dhasar téyori kuminisme modern. Téyori iki ana ing sakjerone buku Manisfesto Kuminis kang digawé déning Marx lan Friedrich Engels. Marxisme ya iku minangka protes Marx marang paham kapitalisme. Dhèwèké nganggep yèn wong kapital ngumpulake dhuwit kanthi ngorbanake wong proletar. Kaanan wong proletar kang nelangsa amarga dipeksa kerja jam-jaman lan dibayar mung sithik, lan kasil saka pegawéyane digunakaké déning wong kapitalis. Akèh saka wong proletar kang uripé ana ing laladan pinggiran kang papané rusuh. Marx duwé panemu yèn masalah iki ana amarga anané "kepemilikan pribadi" lan panguasan banda kang digunakaké déning wong-wong sugih utawa wong kapitalis. Kanggo nyejahterake kaum proletar, Marx duwé panemu yèn paham kapitalisme kudu diganti karo paham kuminisme. Yèn kaya mangkene tetep diumbarake, miturut panemu saka Marx, wong proletar bakalan ngraman lan nuntut keadilan kanggo kaume. Iki kang karan marxisme.
Cathetan suku
Sastra
Bourne, Peter G. (1986). Fidel: A Biography of Fidel Castro. New York: Dodd, Mead & Company.
Callinicos, Alex (2010) [1983]. The Revolutionary Ideas of Karl Marx. Bloomsbury, London: Bookmarks. ISBN978-1-905192-68-7.
Castro, Fidel; Ramonet, Ignacio (interviewer) (2009). My Life: A Spoken Autobiography. New York: Scribner. ISBN978-1-4165-6233-7. ;
Coltman, Leycester (2003). The Real Fidel Castro. New Haven and London: Yale University Press. ISBN978-0-300-10760-9.
Green, Sally (1981). Prehistorian: A Biography of V. Gordon Childe. Bradford-on-Avon, Wiltshire: Moonraker Press. ISBN0-239-00206-7.
Kołakowski, Leszek (1976). Main Currents of Marxism. Oxford University Press.
Parkes, Henry Bamford (1939). Marxism: An Autopsy. Boston: Houghton Mifflin.
Prychitko, David L. (2008). "Marxism". Ing David R. Henderson (.) (èd.). Concise Encyclopedia of Economics (édhisi ka-2nd). Library of Economics and Liberty.
Robinson, Cedric J.: Black Marxism: The Making of the Black Radical Tradition, 1983, Reissue: Univ North Carolina Press, 2000
McLellan, David (2007). Marxism After Marx. Basingstoke: Palgrave Macmillan.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Marxisme, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses. ®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.