'Attar Farid od-Din, panyerat kang lair ning Nihspur, sebelahe Pèrsi, ning kana dhèwèké ngumpulaké ayat-ayat lan omongan saka para sufi kondhang (mistikus Muslim).
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel Wikipédia(Éjaané durung baku)Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
'Aththar, bapa lan éyang kakungé iku apotèker, dhokter lan peramu parfum. Ning lingkungan Sufi modern, jeneng 'Aththar duwé signifikansi Kabbalistik utawa inisiasi ana.
Attar saka Nishapur | |
---|---|
Spiritual Poet | |
Miyos | c. 1145 C.E. Nishapur |
Séda | c. 1220 C.E. Nishapur |
Dipun urmati ing | Islam |
Mangaruhi | Ferdowsi, Sanai, Khwaja Abdullah Ansari, Hallaj, Abusa'id Abolkhayr, Bayazid Bastami |
Dipun pangaruhi déning | Rumi, Hafez, Jami, Nava'i and many other later Sufi Poets |
Tradhisi/Genre | Mystic poetry |
Pakaryan utami | Memorial of the Saints The Conference of the Birds |
Akeh kontroversi ning kalangan sarjana babagan sajarah saka Attar Farid od-Din, babagan kalairané, ninggalé lan kaaslian saka karya utawa seratané kang dipundhut saka omongan sufi kang kondhang.
Karyané kang paling kondhang salah sijiné duwé judhul manteq ot-teyr (konfrensi para manuk, 1995) kang isiné mbahas kiasan saka manuk (sufi) kang nggolèk manuk Simorgh Mistis, utawa manuk Phoenix, kang arep didadikaké raja (Allah). Ning seratan iku, dicaritakake manawa sing dadi pambimbing iku ya iku Raja Solomo (Nabi Sulaiman). Perjalanan kang dilakoni nggambaraké parjalanan kang dawa lan mbebayani. Para manuk iku kabèh kudu ngliwati pitung lembah (makili pitung tahap tasawuf). Akeh manuk kang nyerah lan mutusaké mandhek, gawé alasan. Kuwi nglambangaké alesan kang digawé para putra kang putus asa ngejar kasempurnaan spiritual. Lan akhiré kang bisa ziarah lan nglebur bareng sang phoenix namung telung puluh manuk, manuk iku kang ngambaraké sufi kang sampurna. Ning adegan pungkasan ning carita kang diserat déning Attar, telung puluh manuk mau nyedaki takhta ngrenungi refleksi saka awaké dhéwé, nyadari manawa manuk-manuk mau padha karo Simorgh, lan Simorgh karo manuk-manuk mau padha. Mula iku, pujangga allegorises ning tahap akhiré ya iku kamajuan Sufi (ndadi siji karo Gusti).
Dideleng saka sudut pandhang ide, tema sastra lan gayané, 'Aththar duwé prabawa gedhé ning sastra Pèrsi lan ning literatur Islam liyané.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Attar saka Nishapur, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.