Pananggalan Grégoriyus

Pananggalan Grégoriyus utawa Kalèndher Grégoriyus iku pananggalan wektu sing paling akèh digunakaké ing Donya Kulon.

Pananggalan iki siji modhifikasi saka Pananggalan Julius. Sing pisan ngusulaké iku ya dhoktor Aloysius Lilius, saka Napoli, Italia lan dituruti déning Paus Grégoriyus XIII ing titimangsa 24 Fèbruari 1582.

Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitan mangsa semi (21 Maret) saya maju dadi, parayan Paskah sing wis disarujuki wiwit Konsili Nicea I ing taun 325 ora tepat manèh.

Banjur ing taun 1582, dina Setu 4 Oktober dituti karo dina Minggu 15 Oktober.

Prabédane karo Pananggalan Julius

Sawijining taun ing Pananggalan Julius suwéné ana 365,25 dina. Nanging amarga puteran bumi sing ngubengi srengéngé suwéné mung 365,2425 dina, mula saben sa-milenium, Kalèndher Julius kaluwihan 7-8 dina. Masalah iki dipecahaké carané nambahaké karo dina-dina wuntu sing rada séjé ing pananggalan anyar iki. Ing pananggalan Julius, saben taun sing bisa dibagi karo 4 dadi taun wuntu. Nanging ing pananggalan anyar iki mung taun sing bisa dibagi karo 100 dianggep taun wuntu, yèn taun iki uga bisa dibagi karo 400. Contoné taun 1700, 1800 lan 1900 dudu taun-taun wuntu. Nanging taun 1600 lan 2000 iku taun wuntu.

Masalah anyar

Sawisé pananggalan Grégoriyus dicanangaké, ora kabèh nagara gelem nganggo. Lagi pirang abad sawisé iki, mèh kabèh nagara kulon gelem nganggo. Ruslan contoné lagi gelem nganggo ing taun 1918. Dadi Revolusi Kuminis Ruslan sing saiki dipèngeti saben 7 November, diarani Revolusi Oktober.

Gréja Ortodoks nganti saiki isih nganggo Pananggalan Julius.

Liya-liya

Wiwit tanggal 1 Januari 1622, 1 Januari ditetapaké dadi wiwitané taun. Sadurungé saben nagara séjé-séjé.

Sasi-sasi taun

Pananggalan Grégoriyus 
The knuckle mnemonic.
Saben taun dipara dadi 12 sasi
No. Jeneng Jumlah dina
1 Januari 31
2 Fèbruari 28 (29 ing taun kabisat)
3 Maret 31
4 April 30
5 Mèi 31
6 Juni 30
7 Juli 31
8 Agustus 31
9 Sèptèmber 30
10 Oktober 31
11 Novèmber 30
12 Dhésèmber 31

Pranala njaba

Uga delengen

Tags:

Pananggalan Grégoriyus Prabédane karo Pananggalan JuliusPananggalan Grégoriyus Liya-liyaPananggalan Grégoriyus Sasi-sasi taunPananggalan Grégoriyus Pranala njabaPananggalan Grégoriyus Uga delengenPananggalan Grégoriyus158224 FèbruariDonya KulonItaliaNapoliPananggalan JuliusPaus Gregorius XIII

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

156KartiniLitiyumWandaTembung panggandhèngMasjid Menara KudusRépublik Rakyat CinaSomalilandPutihMozilla FirefoxSemarUjung Arab20071981JermanGerakan Mahasiswa Nasional IndonesiaHasyim Asy'arieRuwatanKapadhetanKakaisaran OttomanMenara EiffelBauwarnaUnta200011 MaretAlda RismaJempolGlenn FredlyHanyu PinyinKerata basa1708Kerja Sama Ekonomi Asia PasifikJaring KalamanggaKhalifahÉropaYin lan YangPattimuraDin SyamsuddinGenetikaAntivirus komputerTetuwuhanGunung SinaiRama Tambak25 MaretBal-balanTaman Candi NgawiDenny CaknanWilliam ShockleyGFDLAlfred RiedlWingko babatSwasanaPandhitaPallywoodUBlock OriginLee Min HoJaranKhalil GibranTajikistanBasa LatinBełchatówYuyuMawarBanggaladésaOka AntaraKatulistiwaÈksistènsialismeSpanyolAngga Aldi YunandaItaliGadho-gadhoGréja Lutheran🡆 More