Instagram: Médhia sosiyal

Instagram iku salah sawijining media sosial kang bisa ngedum foto lan vidio.putri

Instagram: Sajarah, Fitur-fitur, Asile Foto Instagram
Logo Instagram

Sajarah

Burbn, Inc.

Diyasa nalika taun 2012 déning perusahaan Burn, Inc., yaiku salah siji perusahaan tèknologi rintisan (startup) kang mung mirunggan ing pangembangan aplikasi kanggo tilpun sèlulèr. Wiwitane Burn, Inc. dhéwé luwih akèh fokus ing HTML5 mobile, nanging kaloro CEO, Kevin Systrom lan uga Mike Krieger, mutusaké supaya uwih fokus marang siji prakawis siji baé. Sawisé saminggu dhèwèké kaloron njajal kanggo nggawé idé anyar kang saé, pungkasane dhèwèké nggawé salah siji modhèl pisanan saka Burbn, nanging ing jeroné isih ana pérangan kang durung dadi. Versi Burbn kang paling pungkasan, aplikasi kang wis bisa digunakaké mawi iPhone, kang isiné akèh fitur kang bisa digunakaké. Kanggo Kevin Systrom lan Mike Krieger kanggo ngurangi fitur-fitur kang wis ana lan miwiti saka pisanan, nanging pungkasane dhèwèké kaloron mung fokus marang pérangan foto, komentar lan uga kabisan kanggi nyenengi foto. Lha iku kang pungkasane dadi Instagram.

Jeneng Instagram

Tembung Instagram asalé saka tembung "Insta" lan "Gram". Insta asalé saka tembung instan, kaya kodhak polaroid kang rikala jamane luwih misuwur diarani foto instan. Instagram uga bisa ngetokaké foto-foto mawi instan kaya polaroid. Lajeng tembung gram asalé saka tembung telegram, kang fungsine kanggo ngirimake kabar marang wong liya kang rikat. Padha karo instagra, kang bisa ngunggah foto lan nggunakaké jaringan internet, saéngga informasi kang pengen diaturake bisa ditampa naraguna internet, saéngga informasi bisa ditampa rikat. Amarga iku Instagram asalé saka tembung instan-telegram.

Fitur-fitur

Pandhèrèk

Sistem sosial ing jeroné Instagram yaiku mawi dadi pandhèrèk akun naraguna liya, utawa duwé pandhèrèk Instagram. Saka iku komunikasi antawisè naraguna Instagram dhéwé bisa kadadéan karo ngwènèhi tandha seneng lan uga koment foto-foto kang wis diunggah déning naraguna liya. Pandhèrèk uga bisa dadi salah siji pérangan kang wigati, cacahé tandha seneng saka pandherek bisa merbawani apa foto mau bisa dadi foto kang misuwur apa ora.

Ngunggah Foto

Kautaman saka Instagram yaiku kanggo ngunggah lan ngedum foto-foto marang naraguna liyané. Foto kang arep diunggah bisa saka kodhak iDevoce utawa foto-foto kang ana ing album foto ing iDevice mau.

Kodhak

Foto kang wis dijupuk mawi aplikasi Instagram bisa disimpen ing jero iDevoce mau. Panggoné kodhak mawi Instagram uga bisa langsung nggunakaké èfèk-èfèk kang ana, kanggo ngatur warna saka foto kang dikarepaké déning naragunané. Ana uga efek kodhak tilt-shift kang fungsiné iku nggawé fokus foto ing salah siji titik. Sawisé foto dijupuk mawi kodhak ing instagram, foto mau uga bisa diputer miturut karepé para naragunané. Foto-foto kang bakal diunggal mawi Instagram ora ana wates cacahé, nanging instagram duwé watesan ukuran gedhéné gambar. Ukuran kang dianggo ing Instagram duwé rasio 3:2 utawa namung kang wujudé kotak. Para naraguna mung bisa ngunggah foto mawi format iku, utawa kudu nyunting ndisik foto mau supaya padha karo format kang wis ana. Sawisé para naraguna milih salah siji foto kanggo diunggah ing Instagram, mula naraguna bakal digawa menyang kaca sabanjuré kanggo nyunting foto mau.

Asile Foto Instagram

Cathetan suku

Tags:

Instagram SajarahInstagram Fitur-fiturInstagram Asile Foto Instagram Cathetan sukuInstagramFotografiVidéo

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Gunung WilisSon Heung-minPatih SuwandaSisingamangaraja XIIIsabeau saking BavariaWidy Soediro NichlanyBengukTitilarasKerisWukuYusril Ihza MahendraMohamed Ahmed NassarAsem lemakAbdurrahman As-SudaisHak ciptaPitulungDrupadiHypertext markup languageGendulAsteroidArab SaudiKerata basaProxima CentauriFilologiFilem pornoKutha NgayogyakartaRaline ShahOmah KampungErisWikipédiaTimothée ChalametJay IdzesGibran RakabumingOmah GadangGedhangAnies BaswedanVia VallenTeknologi pertanianPinguinGandhumTinPanambangPurwakanthiWayang golèkNanna (mitologi)ꦱꦼꦩꦶꦂꦱꦼꦥꦠꦸKebayaKabupatèn Empat LawangSri Mulyani IndrawatiKucingSelena GomezBasa SpanyolGambuhMa Dong-seokKasuariOmah LimasanKriptidNagita SlavinaMaricaBeskapRoger DanuartaPakunjaranPallywoodRengginangPrastawaPsikopatKrakatau SteelPariwaraRuwahanSandiaga UnoSandy WalshSurtanahAnwar Fuady🡆 More