Semut

Semut kuwe srangga eusosial sekang kulawarga Formisidae, kalebu nang ordo Himenoptera padha karo tawon.

Semut kapérang dadi 12.000 klompok lan paling akèh ana nang dhaérah tropis]. Semut dikenal kanthi koloni lan susuhé sing temata. Saben koloni kapérang sekang éwonan semut. Koloni semut sok disebut superorganisme amarga koloni-koloniné mbentuk sawijining kamanunggalan.

?Semut
Rentang fosil: Periode Kapur - Saiki
Lasius niger (semut ireng kebon nang tetanduran)
Lasius niger (semut ireng kebon nang tetanduran)
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Animalia
Filum: Artropoda
Kelas: Insekta
Ordo: Hymenoptera
Upaordo: Apokrita
Superfamili: Vespoidea
Famili: Formicidae
Latreille, 1809
Sub-kulawarga
  • Aenictogitoninae
  • Agroecomyrmecinae
  • Amblyoponinae (kalebu "Apomyrminae")
  • Aneuretinae
  • Cerapachyinae
  • Dolichoderinae
  • Ecitoninae (kalebu "Dorylinae" lan "Aenictinae")
  • Ectatomminae
  • Formicinae
  • Heteroponerinae
  • Leptanillinae
  • Leptanilloidinae
  • Myrmeciinae (kalebu "Nothomyrmeciinae")
  • Myrmicinae
  • Paraponerinae
  • Ponerinae
  • Proceratiinae
  • Pseudomyrmecinae


Semut
pring omah semut nang kebun kakao
Semut
anatomi semut

Jinisé semut == Ana telung jinis semut,yakuwe: semut buruh, semut lanang minangka pejantan, lan ratu semut.

Semut Rangrang

Semut rangrang diarani si pedas yakuwe nggawé sarang sekang godhong-godhong nang wit-witan. Godhong-godhong mau digawé dhompolan bunder sing njerone bisa dadi omah. Semut rangrang seneng hawa seger, mulane ora ditemokna nang njero omah. Susoh utawa susuhé mung ana nang wit. Semut jinis kiye ora nggawé sarang nang lemah kaya semut-semut liyané. Semut kiye awake luwih gedhé lan polah tingkahé luwih sgresif ketimbang semut liyané. Semut rangrang nduwe endhog sing jenengé kroto. Kroto kiye uga bisa kanggo pakan manuk.

Dasanama

Semut kiye nduweni jeneng sing beda-beda nang saben nagara. Tuladhané semut kuning (Vietnam, Cina), semut abang (Thailand) lan semut ijo (Australia). Klasifikasi kiye miturut werna semut. Kanggo mbedakna sekang semut liyane, para ilmuwan aweh jeneng Oecophylla, utawa sing luwih spesifik yakuwe Oecophylla smaragdina kanggo semut rangrang sing ana nang Asia, lan ''Oecophylla longinoda'' kanggo semut rangrang sing ana nang Afrika.

Semut dadi Zombie

Jamur Ophiocordyceps unliateralis nduweni sifat parasit lan bisa urip nang semut (Camponotini sp.) nang dhaerah Zona da Mata, Brazil. Semut kena infeksi jamur kiye nalika semut ditempleki spora jamur. Kurang luwih seminggu semut bakal malih dadi zombie.Profesor David Hughes dari University of Pennsylvania sing uga dadi ketua panaliten, nerangake yèn semut sing dadi zombie bakal nggantung lan nyokoti panggonan ngisor godhong lan polah tingkahe uga malih.

Hughes uga nerangaké yèn jamur sing thukul nang ndhas semut bakal thukul kaya antena utawa sungu banjur nyebar spora. Spora kuwe bakal tiba nang lemah lan ana sing kagawa udan saengga bisa némplék nang semut liyané.

Ing tahun 2009, Hughes nemokaké semut zombie nang Indonésia. Semut-semut zombie kiye nggantung nang godhong sing dhuwuré 25 cm lan nduwéni kelembapan 95 persen. nang panggonan kiye jamur bisa thukul cepet banget.

Ing spesiés-spesiés sing ditemokaké nang Amazon, Hughes nemokake semut zombie kanthi ukuran lan wujud sing béda. Ana jamur sing nduweni spora cadangan sing bisa némpél luwih akéh nang semut. Ananging jamur kanthi spora ganda kiye mung nemplek nang semut-semut sing tinamtu. Steve Shattcuk dari SCIRO Ecosystem Sciences nerangake yen para panaliti ora bisa nggawe pèstisida sekang jamur kiye amarga péstisida ora bisa maténi semut sing asalé sekang akéh spesies.

Sarang Semut

Semut nggawe susuh utawa sarang kanggo omah supaya ora kapangan prédator lan kanggo nyimpen endhog. Semut bakal setya marang ratuné. Semut biyasané nduwe koloni utawa klompok sing tansah njaga ratu semut sekang predator.

Koloni

Semut nduwe gerombolan sing cerdas lan nduwé feromon. Miturut Kevin Kelly semut bisa komunikasi nganggo feromon. Semut biyasane ngetokake feromon yen metu sekang sarang nganti mbalik tekan sarang. Feromon kiye bakal dadi tanda kanggo semut liyane. Feromon kuwe sawijining zat sing suwé ilangé saéngga tlacak semut bisa didetéksi nganti suwe. Para ilmuwan uga nemokaké koloni semut paling gedhe nang donya, koloni semut kiye mirip kaya Kastil.

Chatetan suku

Pranala njaba

Tags:

Semut RangrangSemut dadi ZombieSemut Sarang Semut KoloniSemut Chatetan sukuSemut Pranala njabaSemutSranggaTawon

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

18212010Musik1927Abad kaping-21Maulafa, KupangKota Bandung16 AgustusBal-balanTaufiq KiemasUndang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia Taun 1945Ngadirejo, Mojogedang, Karanganyar1996Richard Wagner640Republik Rakyat CinaStasiun Semarang TawangStasiun Solo BalapanBantenSocratesAktorAntasenaSungai Keruh, Musi BanyuasinKaranganyar, PekalonganBabad BanyumasKalianget, Sumenep1945Kaca UtamaMahesa CempakaTata Surya17 MeiKota SurakartaSangkulirang, Kutai Timur15 JuliWikipedia basa JermanRaden Banyak CotroJawaSusilo Bambang YudhoyonoKabupaten BanyumasBawana AmerikaKota CirebonDaftar kabupaten lan kota nang Daerah Istimewa YogyakartaKristoforus KolumbusBelarusBudaya Jawa2004PresidenMalaysiaCikidang, SukabumiDaftar kabupaten lan kota nang LampungSumber, CirebonSrengengeUjung Batu, Rokan HuluGereja Katolik Roma1449Singgahan, TubanKorea Kidul1951InternetDaftar kabupaten lan kota nang Kalimantan TengahKabupaten RembangKuwarasan, KebumenSinonsayang, Minahasa SelatanSeponti, Kayong UtaraDaftar kabupaten lan kota nang Sulawesi TenggaraPangeran Mangkubumi II🡆 More