Tuberkulosis utawa TB utawa TBC (cekakan pungkasan iki ora akèh dienggo manèh) iku lelara infèksi kang disebabaké déning bakteri Mycobacterium tuberculosis.
Wiki ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan. |
Lelara iki paling asring nyerang paru-paru sanajan ing saprotelon kasus nyerang organ awak liya lan ditularaké wong menyang wong liyané. Iki uga salah siji lelara tuwa dhéwé kang dikawruhi nyerang manungsa. Yèn diterapi kanthi bener tuberkulosis kang disebabaké déning komplèks Mycobacterium tuberculosis, kang peka marang obat, praktis bisa mari. Tanpa terapi tuberkulosa bakal ngakibataké pepati sajeroning limang taun pisanan ing punjul setengah kasus.
Tuberculosa | ||
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal | ||
Paru-paru panandhang TBC liwat Sinar X | ||
ICD-10 | A15-ICD-10 Chapter A|A19 | |
ICD-9 | 010-018 | |
OMIM | 607948 | |
DiseasesDB | 8515 | |
MedlinePlus | 000077 Cithakan:MedlinePlus2 | |
eMedicine | med/2324 emerg/618 radio/411 | |
MeSH | C01.252.410.040.552.846 |
Indonésia ana sajeroning peringkat katelu paling ala ing donya kanggo gunggung panandhang TB. Saben taun muncul 500 èwu kasus anyar lan punjul 140 èwu liyané mati. Satus taun kapungkur, siji saka lima pepati ing Amérikah Sarékat disebabaké déning tuberkulosis.
Tanggal 24 Maret dipèngeti donya minangka "Dina TBC" amarga nalika tanggal 24 Maret 1882 ing Berlin, Jerman, Robert Koch mresentasikaké asil studi ngenani jalaran tuberkulosis kang panjenengané temokaké.
Panularan lelara iki amarga kontak karo dhahak utawa ngisep titik-titik banyu saka wahing utawa watuk saka wong kang kena infèksi kuman tuberkulosis
Tandha-tandha utama tuberkulosis ya iku watuk suwéné 3 minggu utawa luwih, mawa dhahak, lan racaké campur getih. Bisa uga nyeri dhadha, mata abang, kèlangan nafsu mangan, sesek napas, demam, awak lemes, lan saya kuru. Yèn ora ditangani, bisa dumadi syok hipovolemik utawa sesek napas abot kang njalari pepati.
Organisasi
Liyané
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Tuberkulosis, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.