Sydney iku kutha gedhé dhéwé ing Australia lan kutha krajan saka New South Wales.
Nagara | Australia |
Praja | New South Wales |
Dina Madeg | 26 Januari 1788 |
Jembar wewengon | 12.144,6 km2 |
Padunung | 4.293.100(1st) |
-Kapadhetan | 345,7/km2 |
Basa | Basa Inggris |
Zona | AEST(UTC+10) AEDT (UTC+11) |
Sydney uga minangka kutha kang maju sajeroning warna-warna babagan saingan karo Melbourne kang dumunung ing Victoria. Sydney uga minangka kutha tuwa dhéwé ing Australia kang madeg ing taun 1788 lan kutha gedhé dhéwé ing pérangan bumi kidul (Southern Hemisphere). Padunung area metropolitan Sydney gunggungé watara 4,7 yuta jiwa lan kang ndunungi Sydney kaloka kanthi sebutan "Sydneysider".
Sydney uga misuwur minangka tujuan pariwisata mligi Sydney Opera House kang wis dadi ikon Sydney. Ing panggonan iki dianakaké Olimpiade 2000
Artikel Utama: Sajarah Sydney
Laladan saubengé Sydney Harbour wis dipanggoni déning kang ndunungi Aborigin saka suku Eora lan Cadigal sajeroning 40.000 taun. Akibat urbanisasi, akèh-akèhé sisa paninggalan suku mau wis ilang.
Wong Éropa wiwit kepéncut marang laladan iki, mligi Botany Bay, ing taun 1770 sawisé panjelajahan James Cook. Karana idin Pamaréntah Inggris, Arthur Phillip teka menyang Botany Bay karo para pendhatang pisanan. Amarga nyatané laladan Botany Bay dirasa kurang cocog, banjur ngalih menyang Sydney Cove ing Port Jackson.
Jaman luru emas dialami Sydney pisanan ing taun 1851 lan para pendhatang saka Éropa padha teka kanggo miwiti urip anyar kang luwih apik ing Sydney. Taraf urip kang mundhak sawisé industrialisasi uga narik para pendhatang saka Éropa lan sabanjuré saka Asia.
Padunung Sydney saiki akèh-akèhé saka Inggris lan Irlandia nanging sangsaya akèh uga pendahtang saka Lebanon, Yunani, Italia lan Asia. Cacahing kang ndunungi uga sangsaya tambah akèh, wiwit saka 2.540 jiwa ing taun 1800 dadi 1.039.000 jiwa ing taun 1925 lan terus tuwuh dadi 4,7 yuta jiwa ing taun 2004.
Sydney minangka dados salah siji kutha wisata paporit ing donya. Sawetara obyèk pariwisata kang ana ing Sydney antarané:
Kutha Sydney gadhah jejuluk:
Wiki Commons duwé médhia ngenani Category:Sydney. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Sydney. |
Cithakan:Praja Australia
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sydney, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.