Pelem

Pelem iku jeneng sajenis woh, mangkono uga jeneng wité.

Pelem
Pelem
Woh pelem gedhong, saka Sumedang, Jawa Kulon
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Sapindales
Famili: Anacardiaceae
Génus: Mangifera
Spésies: M. indica
Jeneng binomial
Mangifera indica
L.
Pelem
Pelem
Pelem
Pelem

Pelem kalebu ing marga Mangifera, kang kapérang saka 35-40 anggota, lan suku Anacardiaceae. Jeneng ngèlmiahé yaiku Mangifera indica.

Genus Mangifera duwé 62 ''spésies'', ananging kang ngasilaké woh kang énak mung 16 species. Pelem kang dipangan awaké dhéwé saben dina, kaya ta pelem golèk kalebu species Mangifera indica L.

Wit pelem kalebu tetuwuhan tingkat dhuwur kang struktur watangé éwoning ''arboreus'', yaiku tetuwuhan kayu kang dhuwuré watang punjul 5 m. Dhuwuré wit pelem bisa nganti 10–40 m lan umuré bisa tekan 10 taun utawa luwih. Pelem kang isih nom biayasané disenengi wong meteng.

Asal

Pelem iku kalebu tuwuhan woh taunan kang asalé saka nagara India. Tuwuhan pelem banjur nyebar ing tlatah Asia Tenggara, kalebu Malaysia lan Indonésia.

Jinis kang akèh urip ing Indonésia

Klasifikasi botani pelem yaiku: Divisi: Spermatophyta Sub divisi: Angiospermae Kelas: Dicotyledonae Kulawarga: Anarcadiaceae Genus: Mangifera Spesies: Mangifera spp. Jinis pelem kang akèh ditandur ing Indonésia yaiku ''Mangifera indica L''. Contoné pelem arumanis, golék, gedhong, manalagi lan cengkir lan ''Mangifera foetida'' kaya ta kemang dan kweni.

Habitat

Pusat tuwuhan pelem ing Pulo Jawa yaiku ing Probolinggo, Indramayu, Cirebon. Tuwuhan pelem cocog urip ing laladan kanthi mangsa kering kurang luwih 3 sasi. Mangsa kering iki dibutuhaké sadurungé lan yèn wayah ngembang. Yèn ditandur ing laladan kang lembab, tuwuhan pelem bakal kena serangan ama lan lelara. Saliyané iku bisa rontok kembang lan wohé yèn ngembangé wayah udan utawa mangsa rendheng.

Asil olahan

Pelem kang mateng bisa langsung dipangan dadi buah, rasané kang legi lan seger, dagingé kang empuk gawé wong akèh kang seneng pelem. Pelem kang isih nom bisa diawetké kanthi kadar gula kang akèh dadi manisan basah lan kering. Pelem kang durung mateng diarani kepoh, bajangan.

Khasiat

Pelem duwé akèh variétas. Kurang luwih ana 2.000 jinis pelem ing donya. Saliayané rasané kang legi lan seger, pelem uga duwé khasiat kang migunani kanggo kaséhatan. Woh pelem duwé zat-zat kang dibutuhaké awak.

  • ngandhut vitamin A,E lan C
  • bisa dadi disinféktan
  • ngresikki getih
  • nambani warna-warna lelara, ngilangi bau badan utawa awak kang kringeté rada ora énak ambuné.
  • obat yèn lagi demam lan awak panas

Bahan wacan

  • Morton, J. 1987. Mango. p. 221–239. In: Fruits of warm climates. Julia F. Morton, Miami, FL.
  • van Steenis, C.G.G.J. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonésia. PT Pradnya Paramita. Jakarta.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

Cathetan suku

Pranala njaba

Deleng Uga Woh-wohan

Tags:

Pelem AsalPelem Jinis kang akèh urip ing IndonésiaPelem HabitatPelem Asil olahanPelem KhasiatPelem Bahan wacanPelem Cathetan sukuPelem Pranala njabaPelem GalleryPelemMangiferaWitWoh

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

YuyuIan KaselaSrengéngéMerkuriusWuduStadion Gelora Bung KarnoPamrentahan Lurung GazaTemu kunciValutaSomalilandKomputerWilliam ShockleySetatsiyun sepurHabib Muhammad Luthfi bin YahyaLondonMasturbasiBèg25 MaretStatistikawanPejuMuhammad Arsyad al-BanjariKalong2008MbobotAbad ping 7LadrangWadya anggeganaSitologi2005Gréja LutheranTembung panyilahMuséum National d'Histoire NaturellePerang ing KurukshetraIranSafarApollo 11Martha Christina TiahahuNurwègenSengkalanGamelanGas bumi19491981GenosidaJaranNyadranSri Mulyani IndrawatiGancaranTung Desem WaringinBendiBambang Pamungkas1977SrabiParikanAlina KukushkinaAri SigitJavaScriptAksara LontaraSurat Al QiyaamahKaisarBantar Gebang, BekasiGanjar Pranowo1647WandaElia khadamKue Jojorong800UrologiLiga Championship InggrisA Cinderella StorySutan SyahrirSatelit alamiMakruhRobotikaBon Jovi🡆 More