Oséania: Klumpukané kapuloan ing Samodra Pasifik

Oseania punika nama bawana ingkang kaginaaken kanggé golongan kepuloan ingkang wonten ing Samodra Pasifik.

Oseania punika bawana kanthi wiyar dharatan paling alit lan cacahipun populasi paling alit nomer kalih sasampunipun Antartika.

Oséania: Klumpukané kapuloan ing Samodra Pasifik
Péta kawasan Oseania

Ing artosan sempit (ingkang sepisanan kadhefinisi panjlajah saking Prancis kanthi asma Jules Dumont d'Urville ing taun 1831), ingkang lumebet bawana Oseania inggih punika Polinesia (kalebet Niu Sélan), Melanesia (kalebet Nugini) lan Mikronesia. Éwadéné ing artosan wiyar, Oseania ugi ngambah Ostrali lan Indonésia pérangan wétan; nanging langka nglebetaken Jepang lan Kepuloan Aleut wonten ing golongan Oseania.

Sabagéyan ageng saking Oseania kapèrang saking nagari-nagari pulo ingkang alit. Ostrali punika satunggaling nagari kontinental, éwadéné Papua Nugini lan Timor Timur punika nagari ingkang gadhah watesan dharat, kalih-kalihipun kaliyan Indonésia.

Nagari-nagari ing Oseania gadhah kamardikan kanthi jumlah ingkang kathah ragamipun saking panguwaos-panguwaos kolonial nagari-nagari kasebat lan sampun angsal pangaturan konstitusional ingkang kathah variasinipun sesuai dengan keadaan mereka. Ostrali contonipun, inggih punika nagari ingkang kagabung ing Persemakmuran, saéngga ngakeni Ratu Elizabeth II saking Karajan Manunggal punika Ratu, sauntara Polinesia Prancis inggih punika satunggaling pays d'outre-mer ("mancanagara") Prancis.

Sacara ékologi, Oseania punika satunggal ing antaraning wolu zona ékologi terestrial donya. Zona ékologi Oseania ngambah Mikronesia, Fiji lan Polinesia kejawi Niu Sélan, Nugini, Kaledonia Baru, Kepuloan Solomon lan Vanuatu kalebet zona ékologi Australasia.

Ugi pirsani

Tags:

AntartikaSamodra Pasifik

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KomikDiktatorKylian MbappéJaranFosforKabupatèn TegalSiputTembung tanggapRomaRebabTembung YogyaswaraDua Garis BiruAksara JawaMarcus RashfordManganTèknikPallywoodAlun-Alun BanjarnegaraMuséum National d'Histoire NaturelleWektu Universal KakoordhinasiCut Nyak MeutiaAbimanyuLechonaWayang22 AprilMèksikoBełchatówMarie Antoinette2014Miki TikusKendhangBlogAntonio RüdigerKomputerEmasLionel MessiAmérika SarékatDjauhariCatherine WilsonPitikMesir KunaStadion Gelora Bung KarnoSafarKanadhaMasjidil KaramWandaMangkunagara XAncient Symbols (blok Unicode)Planèt2005Muhammad Yusuf ChudloriBal-balanErisUBlock OriginMitoniMartha Christina Tiahahu1949Andi Alfian MallarangengYamaha L2 SuperTom CruiseDhegelenWingko babatPinguinVeve ZulfikarHong KongKresnaJamHypertext markup languageVidéoBoomerang (Grup Musik)Waring Wéra WanuaLee Min HoSurat Al QadrDrum🡆 More