Orion, utawi pemburu, inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang wonten ing garis langit ekuator.
Rasi lintang punika inggih sala satunggaling rasi lintang ingkang padhang piyambak lan ingkang saé piyambak wonten ing langit. Nama Orion punika inggih saking mitos Yunani ingkang tegesipun pemburu. Lintang ingkang padhang piyambak wonten ing rasi lintang punika inggih Beta (Rigel lan Alpha (Betelgeuse), satunggaling raksasa biru-pethak lan abrit.
ORION | |
---|---|
Cekakan | Ori |
Genitif | Orionis |
Asensio rekta | 5 |
Deklinasi | +5 |
Area | 594 derajad pesagi (#26th) |
Lintang utama | 7 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 81 |
Lintang mawa planèt | 8 |
Lintang padhang | 8 |
Lintang cedhak | 8 |
Lintang paling padhang | Rigel (β Ori) (0.12m) |
Lintang paling cedhak | GJ 3379 ( tc) |
Obyèk Messier | 3 |
Udan météor | Orionids Chi Orionids |
Rasi lintang sing wewatesan | Gemini Taurus Eridanus Lepus Monoceros |
Katon antara lintang +85° lan −75°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi January. | |
Wonten ing mitos Yunani, Orion punika putra saking déwa laut, Poseidon, lan ratu monster Euryale. Poseidon ingkang sampun paring kekiyatan déning Orion kanggé mlampah wonten ing sagara. Masarakat Sumeria pitados bilih rasi lintang punika, utawi ingkang dipunsebat "Uru An-na" (cahyaning surga), nggambaraken tokoh pahlawan masarakt Sumeria ingggih punika Gilgamesh ingkang tarung nglawan banteng surga. Gud An-na punika ingkang nyarujui wonten ing rasi lintang Taurus. Mitos pejahipun Orion punika inggih dipungayutaken kaliyan wontenipun rasi lintang Scorpius, ingkang papanipun adhep ajeng kaliyan Orion wonten ing langit. Rasi lintang Orion punika gadhah manéka warna budaya. Wonten ing mitos Hungaria, Orion punika dipunindhentifikasi kaliyan Nimród, pemburu ageng, lan minangka bapak mitos Hungaria.
Wonten ing lintang kidul, Orion katingal béda wonten ing langit. Wonten ing Australia lan New Zealand, sabukipun lan pedhangipun misuwur minangka satunggaling pot utawi panci. Wonten ing Afrika Selatan, tigang lintang ingkang padhang piyambak ingkang nyusun sabukipun Orion inggih dipunsebat Drie Konigs (tigang raja) utawi Drie Susters (tigang sedherek putri). Sabukipun ugi dipunsebat Driekoningen (tigang raja) ing pratélan lintang Walanda ing abad kaping 17 lan 18. Wonten ing Amérika Selatan, tigang lintang ingkang paling nonjol dipunmangertosi minangka The Three Marys.
Rasi lintang Orion punika gadhah area ingkang ambanipun 594 drajat persegi lan ngewrat tigang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika ingkang saé piyambak dipuntingali wonten ing garis lintang antawisipun +85° lan-75° lan ingkang saé piyambak dipuntingali wonten ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Januari. Orion ngewrat kathah lintang ingkang padhang wonten ing langit, inggih punika:
Cithakan:88 rasi lintang modhern
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Orion, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.