Lenga iku istilah umum kanggo kabèh cuwèran organik kang ora larut sajeroning banyu (hidrofobik) nanging larut sajeroning pelarut organik.
Ana sipat tambahan liya kang dikenal awam: krasa lunyu yèn dicekel. Sajeroning teges kang ciut tembung 'lenga' racaké ngacu marang lenga patra (petroleum) utawa produk olahané: lenga gas (kerosena). Sanadyan mangkono, tembung iki sabeneré duwé makna luwih jembar kalebu bahan panganan (lenga goreng), minangka bahan bakar (kaya lenga gas), minangka pelumas (kaya lenga rèm), minangka mèdium pamindahan ènergi, utawa minangka wangèn-wangèn (kaya lenga nilam).
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Lenga, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.