Wit Karèt

Hevea brasiliensis, ingkang dipunsebat minangka wit getah Pará', wit sharinga, seringueira, utawi langkung asring dipunsebat minangka wit getah utawi taneman getah, punika salah satunggaling tetuwuhan kembang saking kulawarga spurge Euphorbiaceae ingkang aslinipun saking Alas Amazon, nanging sapunika sampun nyebar ing wilayah pantropis amargi dipunperkenalken dhateng wilayah sanèsipun.

Para (pohon karet)
Wit Karèt
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Malpighiales
Famili: Euphorbiaceae
Subfamili: Crotonoideae
Tribe: Micrandreae
Subtribe: Heveinae
Spésies: H. brasiliensis
Jeneng binomial
Hevea brasiliensis
Müll.Arg.

Menika minangka anggota ingkang paling wigati saking marga Hevea amargi getah susu ingkang dipunénggèn saking wit punika minangka sumber utami karet alam.

Wit punika dhuwuripun sagéd ngantos 43 m (141 ft) wonten ing alas alami. Wit ingkang dipunbudidayakaken asring langkung cekak amargi prosès ngempet getahipun ngewahi pertuwuhannipun. Batangipun silindris lan sagéd gadhah bentukipun kados botol wonten ing sisih dasar. Kulitipun warnanipun coklat lan kulit ingkang wonten ing jero sagéd ngeluaraken getah nalika dipunrusak. Godhongipun gadhah telung godhongan lan dipunatur sacara spiral. Klaster kembangipun ngemot kembang jaler lan estri ingkang terpisah. Kembangipun mengku aroma, warnanipun kuning krem, lan boten gadhah kelopak. Wohipun minangka kapsul ingkang ngemot telung wiji ageng; kapsul punika mbukak kanthi kuwat nalika asak.

Sajarah

Wit karet Amérika Kidul mung tuwuh ana ing Alas Amazon, lan paningkatan panjaluk uga kapanggihane prosedur vulkanisasi ing taun 1839 ngasilaké ledhakan industri karet ing wilayah kuwi, ngkayakake kutha-kutha Belém, Santarém, lan Manaus ing Brasil lan Iquitos ing Peru, wiwit taun 1840 nganti 1913. Usaha kang sepisanan kanggo nandur H. brasiliensis ing njaba Brasil ditindakake ing taun 1873. Sawisé usaha kang cukup, 12 bibit bisa metu ing Kebon Ageng Kew. Bibit-bibit mau dikirim menyang India kanggo ditanem, nanging pungkasane mati. Usaha kapindho banjur ditindakake, kanthi ngendhokake watara 70,000 wiji menyang Kew ing taun 1875, déning Henry Wickham, ing pelayanan karajan Inggris. Kira-kira papat persén saka wiji-wiji kuwi bisa metu, lan ing taun 1876, watara 2,000 bibit dikirim, ing Kotak Wardian, menyang Ceylon (ing jaman saiki dikenal minangka Sri Lanka) lan 22 dikirim menyang kebon-kebon botani ing Singapura.

Gladri

Sitiran

Tags:

Alas AmazonEuphorbiaceae

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Perang Donya IIGenoa C.F.C.Wali BandGisella AnastasiaQuoraGunung SumbingKabupatèn KapuasHajar AswadUrochordataJawaJatinangor, SumedangKucingFransiumResèpSurat Al QadrLintangSeventeen BandArjunaBlabag tikCoto MakassarSatyakiGibran RakabumingJordi AlbaSangkuniUBlock OriginAriel TatumStadion Si Jalak HarupatGunung MerapiSutan SyahrirSukarjo WiryopranotoSlenthoBasri Baharuddin SilaGirls' GenerationChairul TanjungMasjid Agung Jawa TengahDua Garis BiruTedhak sitènUntaMawarMasjid Raya BaiturrahmanRépublik Dhémokratik KongoAsem asetatSyekh Abdul Qadir JaelaniDiego MaradonaTeheranMikèl ArtétaTèh klawuGatot NurmantyoBlackburn Rovers F.C.Basa BerberKatrina KaifGanjar PranowoJefri Al BuchoriIklanMonumèn NasionalHypertext markup languageAmel CarlaSetatsiyun SalemPamisahan kakuwasanTawangmangu, KaranganyarKali NilBaladéwaPS Barito PuteraPaus FransiskusRahwanaBiskopPétruk1957SosiologiNitrogenMilitèrSandy WalshDrijiWidy Soediro NichlanyBokong🡆 More