Hepatitis

Hépatitis yaiku aran kang dienggo kanggo kabèh lelara peradangan ati utawa liver.

Peradangan iku istilah kanggo rusaké jaringan kanthi tanda saya aboh ing salah sijining pérangan awak. Lelara hepatitis iku ana rong jinis, yaiku hepatitis akut sing suwéné kurang saka 6 sasi lan hepatitis kronis sing suwéné punjul 6 sasi.

Hepatitis
Ati pérangan saka awak sing diserang hepatitis

Sebab-sebab

Bab-bab kang marakaké lelara hèpatitis iku dipérang dadi loro, yaiku virus lan nonvirus. Virus utama kang marakaké hépatitis yaiku virus hépatitis A, B, C, D, lan E. Saliyané virus utama iku mau ana virus liya kang uga bisa marakaké hepatitis. Virus-virus liyané iku yaiku mononukleusis infeksiosa, demam kuning, lan sitomegalovirus. Déné sebab nonvirus iku bisa saka alkohol lan usada.

Jinis Hepatitis lan Cara Nimbalé

Hepatitis 
virus hepatitis A
Hepatitis 
virus hepatitis E

Saben jinis lelara hépatitis duwé cara nimbal dhéwé-dhéwé kaya kang dijlèntrèhaké ing ngisor iki.

  1. Hepatitis A iku lelara hépatitis kang paling kerep kedadèn amarga cara nimbalé kang gampang, yaiku liwat fésés. fésés iku gampang banget ngrusuhi pakanan lan banyu kanthi sarana kéwan kaya ta laler.
  2. Hepatitis B cara nimbalé ora segampang hépatitis A. Virus Hepatitis B nimbal liwat getih lan produk getih.. Saliyané saka getih, Hepatitis B uga ditimbalaké liwat banyu mani, regetan vagina, ASI, lan iler.
  3. Hepatitis C rata-rata ditimbalaké liwat transfusi getih lan dom suntik. Akeh-akehé sing ketimbalan hepatitis C iku pecandu narkoba.
  4. Hepatitis D nimbal maring wong sing wis kecanduan usada. Lumrahé nimbal bebarengan karo Hépatitis B lan ndadékaké Hepatitis B saya nemen larané.
  5. Hepatitis E duwé cara kang padha karo cara nimbalé hépatitis A, yaiku nimbal liwat panganan lan ombénan kang ora resik. Lumrahé nimbal ing nagara-nagara kawuri.
  6. Hepatitis F durung ana katrangan kang gamblang ngenani hépatitis F iki amarga kasus sing ana mung sithik.
  7. Hepatitis G iki diidentifikasi jinis anyar saka virus hépatitis. Katrangan ngenani virus hepatitis G iki uga durung akèh.

Tanda-tanda lelara Hépatitis

Hepatitis 
warna mata dadi kuning salah sisji tanda kena hepatitis

Tanda-tanda umum yèn wong kena hepatitis yaiku.

  1. Lemes lan rikat kesel.
  2. Metu warna kuning ing membran / selaput lumah organ nganti selaput kulit.

Tanda-tanda sing luwih mirunggan manut jinis hépatitis yaiku kaya sing dijléntréhaké ing ngisor iki.

  1. Hépatitis A:Minggu sapisan, pasièn ngalami lara kaya lara kuning, lemes, panas terus-terusan, ilang rasa kepéngin mangan, mutah-mutah, ngelu, lan uyuh sing wernane ireng.
  2. Hépatitis B:Khusus tanda hépatitis B akut yaiku panas, lara weteng, lan kulit katon luwih kuning. Paling ketok yèn warna awak malih bisa dingeti saka laladan mata pérangan putih (sklera). Nanging kanggo hépatitis B kronik, tanda-tandané ora katon.
  3. Hépatitis C:Luwih kerep ora ngatonaké tanda apa-apa. Nanging sama-samar tanda hepatitis C iki yaiku rikat kesel, nafsu mangan ilang, lara weteng, urine katon peteng, kulit lan mata katon kuning (jaundice).
  4. Hépatitis D:Lumrahé tanda-tanda hepatitis D iki metu ujug-ujug kaya ta flu, panas, lelara kuning, uyuh warna ireng lan feses warna ireng semu abang.
  5. Hépatitis E:Ora ana tanda sing katon nalika virus hépatitis E iki nyerang bocah cilik, nanging yèn nyerang wong tuwa, tanda-tandané yaiku flu,lara weteng, lelara kuning, uyuh warna ireng.
  6. Hepatitis F:
  7. Hepatitis G:Ora ana tanda mirunggan ing lelara hepatitis G iki.

Cathetan suku


Tags:

Hepatitis Sebab-sebabHepatitis Jinis lan Cara NimbaléHepatitis Tanda-tanda lelara HépatitisHepatitis Cathetan sukuHepatitisAtiLiver

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat Al QadrMonumèn NasionalMie ayamStadion SiliwangiAyana Jihye MoonIndhonésia/jvOstraliSistem WettsteinKucingJean-Jacques RousseauBathara GuruMa Dong-seokJayabaya (kalawarti)Dewi SandraTsukasa AoiBunga Citra LestariAyushitaNatrium hidroksidaKwik Kian GieSidang Umum PBBBumiIan KaselaPejuGedhangThe BeatlesNaysila MirdadAura KasihBankGrujugan, Larangan, PamekasanRotterdamPrasasti YupaGarèngOrganisasi Kerja Sama IslamPrastawa BudayaHeckler & Koch MP5WMOGaliyumIwak pitikWong Minangkêbo꧇꧓꧇ (ꦠꦺꦭꦺꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦏꦱꦶ)DasanamaYurike PrastikaLee Min HoAlamat IPGelatinꦄꦛꦺꦴꦏꦺKismisSèngFacebookKebo AfrikaMr. KrabsHeather StormGalantineIwak buntakLee Jong-sukAntimonSato kéwanGuru wilanganUtangPunggawan, Banjarsari, Kutha SurakartaRohan MarleyBonangMateo KovačićKembang kolHasanuddinUp (filem)Banyu susu ibuGaruda Wisnu KencanaBathikPlasaarang, Sanankulon, Blitarꦠꦼꦩ꧀ꦥꦼꦭ꧀꧇꧑꧇LindhuKarnaMarini Zumarnis🡆 More