Géologi iku ngèlmu sing nyinaoni kabèh aspèk sing ana gandhèngané kaliyan bumi.
Géologi mula bisa dipadhakaké karo ngèlmu bumi. Géologi iku asal tembunge saking basa Yunani γη- (ge-, "bumi") lan λογος (logos, "kata"/"alasan")). Ilmu géologi iki mbahas bab fisik bumi sekabehe molai saking komposisine, struktur, sipat-sipat fisik, sajarah, nganti prosès pembentukane.
Tembung géologi dienggo pertama-tama déning Jean-André Deluc taun 1778 bar iku didadeke istilah baku déning Horace-Bénédict de Saussure taun 1779.
Saking ngèlmu iki wis bisa ditentoke umur Bumi sing yèn dietung kira-kira wis sakiwa-tengené 4.5 milyar (4.5x109) taun. Saking ngèlmu iki uga wong dadi paham yèn kulit bumi iku kesusun saking pecahan-pecahan lempeng tektonik sing bergerak terus ana ing nduwur mantel bumi. Saking ngèlmu iki uga bisa ditemoke sumber daya alam ing jero bumi antarané: lenga bumi, batu bara, uga sing wujudé metal upamané: wesi, tembaga, lan uranium. Uga ana sing wujudé mineral upamané: asbestos, perlit, mika, fosfat, zeolit, tanah liat, pumis, kuarsa, silika, wlirang, klorin, lan helium.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Category:Geology. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Géologi, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.