Dara

pirsani teks

Dara
Kalamangsa: Miocene awal-Saiki
Dara
Feral Pigeon (Columba livia domestica) mabur
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Columbiformes
Famili: Columbidae
Subfamilies

Dara iku familia Columbidae saka ordho Columbiformes.Dara local ya iku kagolong jinis manuk alasan kang diopèni manungsa kanggo kéwan ingonan ana ing omah utawa ing pekarangan. Sajeroning dadi kéwan pangopènan (sato iwèn) dara uga bisa dadi daging konsumsi manungsa, amarga daging dara rasané énak lan gurih.

Manuk dara bisa dipakani jagung, gabah lan beras. Panggonan utawa omah dara jenengé Pagupon. Dara kang alasan racaké nyusuh ana ing wit-witan. Pagupon (omah dara) iku kanggo dedunung utawa netepé dara lan ngiyup saka panasé srengéngé lan udan. Mumpangate pagupon uga bisa kanggo nyusuh (sarang), ngangkremi endhog supaya bisa netes. Endhog kang diangkremi suwéné 25 dina bisa netes dadi piyik (anak dara). Umur sewulan utawa (30 dina), wis thukul wuluné, sok diarani ing tlatah Jawa karang drejepi. Piyik dara kang durung bisa golèk pangan dhèwé racaké diloloh (dipakani liwat cucuké déning simboké).

Macem-Macem Dara

  • Dara kipas
  • Dara balap
  • Dara pos

Dara uga bisa dikelompokake miturut warnané

  • Dara Cemani: Dara kang wernane ireng
  • Dara Blorok: Dara kang jinis wernane ana telu 3 ya iku abang, kuning lan putih
  • Dara Klawu: Dara kang warnané campura saka warna ireng karo putih utawa mau warna klawu

Pranala njaba

Dara 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ancient Symbols (blok Unicode)SumatraErisFiqihCumbana payudaraWikiGunung SinaiSrabiN'DjamenaLee Min HoDua Garis BiruWikisastraIstanbulÉjaan Basa JawaWikinewsSintaKomputerWilliam ShockleyRisolesKarnaWayback MachineRerengganTajikistanBebrayanBermudaRebabLuís FigoBélarus1889Sato kéwanKéwanLantanumDuka yayah sanipi, jaja bang mawinga-wingaRomaWayang golèkYoyok Riyo SudibyoAnies BaswedanRaditya DikaWirathaparwaJamTrènt Alèxander-ArnoldBasa LatinCatherine WilsonAsem kloridTembung tanggap1200Sandy WalshNyadran1894William ShakespeareUniversitas LampungMuhammad Arsyad al-BanjariCentre-Val de LoirePejuManukWessexCarita Aji SakaLapis legitKosherAstra InternationalLintangSurat Al 'AlaqSimpoaInflasiJaringsanaPlanèt cilikEmasCamomileHabib Muhammad Luthfi bin YahyaMesinXXX (filem 2002)Menara Eiffel2014ArjunaKincir anginMasjid Menara KudusGoogle🡆 More