Barack Obama

Barack Hussein Obama II (lair tanggal 4 Agustus 1961 ing Honolulu, Hawaii) iku minangka Présidhèn Amérikah Sarékat angka 44.

Dhèwèké dilantik tanggal 20 Januari 2009 bareng karo wakile, Joe Biden, ing Gedhung Capitol Hill, Washington, D.C., Amérikah Sarékat, nggantèkaké George Walker Bush. Obama dadi kawigatèn donya sawisé sesorah mligi ing Konvensi Nasional Parté Dhémokrat taun 2004, nalika dhèwèké isih dadi Senator Praja Illinois. Dhèwèké dadi wong Afrika-Amérika pisanan sing kasil dadi présidhèn saka Parté Dhémokrat. Ing taun 2009, Obama diumumaké minangka pamenang anugerah Bebungah Nobel Damai amarga promosi diplomasi internasional kanggo mecahaké masalah-masalah internasional.

Barack Hussein Obama II
Barack Obama
Présidhèn Amérikah Sarékat angka 44
Linggih
20 Januari 2009 – 20 Januari 2017
Wakil PrésidhènJoe Biden
Kang sadurungéGeorge W. Bush
Kang sawiséDonald Trump
Rerincèn dhiri
Lair4 Agustus 1961
Honolulu, Hawaii, Amérikah Sarékat
BangsaAmérikah Sarékat
Parté pulitikDhémokrat
SisihanMichelle Obama
AgamaKristen
Tandha tanganBarack Obama

Barack Obama lair ing Queen's Medical Center, Honolulu, Hawaii, saka bapak ékonom lulusan Universitas Harvard, Barack Hussein Obama, Sr., asal Kenya, Afrika, lan ibu Ann Dunham, saka Wichita, Kansas. Wektu Obama miyos, wong tuwané isih dadi mahasiswa ing Pusat Sinau Etan-Kulon, Universitas Hawaii.

Nalika umur rong taun, wong tuwané pisahan. Bapaké mulih menyang Kenya lan mung ketemu anaké sapisan manèh sadurungé tilar donya ing taun 1982. Ann Dunham banjur krama manèh karo Lolo Soetoro (tilar donya tanggal 2 Maret 1993), uga mahasiswa Pusat Sinau Etan-Kulon saka Indonésia. Ing mangsa ciliké, Barack diceluk nganggo aran Barry. Kulawarga iki banjur pindhah menyang Jakarta, menyang panggonan lairé adhik tiri Obama, Maya Soetoro-Ng. Obama uga duwé sadulur tiri saka bapaké sing krama manèh. Nalika Obama umur 10 taun, dhèwèké bali menyang Hawaii lan diasuh simbahé saka ibu, Madelyn Dunham, banjur déning ibuné disekolahake pisan ing kana supaya olèh pendhidhikan kang luwih apik. Dhèwèké lumebu klas lima ing Punahou School lan lulus kanthi pakurmatan ing taun 1979.

Mangsa cilikan lan karir

Barack Obama dilairaké ing Kapi'olani Medical Center for Women & Children ing Honolulu, Hawaii, déning Ann Dunham, wanita Amérika kulit putih saka Wichita, Kansas katurunan campuran saka wong Inggris lan wong Irlandia. Bapaké Obama yaiku Barack Obama, Sr., iku wong Luo saka Nyang’oma Kogelo, Provinsi Nyanza, Kenya. Wong tuwané ketemu ing taun 1960 nalika sinau ing Universitas Hawaii ing Manoa, lan bapaké nalika iku minangka mahasiswa mancanagara. Pasangan iki krama tanggal 2 Fèbruari, 1961; lan urip kapisah nalika Obama isih umur rong taun lan pisahan ing taun 1964. Bapaké Obama bali menyang Kenya lan niliki putrané mung sapisan sadurungé séda sajeroning kacilakan montor ing taun 1982.

Sawisé pisahan, Dunham krama karo mahasiswa saka Indonésia Lolo Soetoro, sing pinuju sinau ing Hawaii. Nalika Soeharto, mengku kalungguhan minangka Présidhèn ing taun 1967, kabèh mahasiswa sing sinau ing mancanagara diundang bali lan kulawarga iki banjur pindhah menyang Indonésia. Ing Indonésia Obama lumebu sekolah lokal ing Jakarta, yaiku Sekolah Dhasar Besuki lan St. Francis of Assisi School, nganti umur sepuluh taun.

Obama banjur bali menyang Honolulu mèlu simbah saka ibuné, Madelyn lan Stanley Dunham, lan sinau ing Sekolah Punahou wiwit kelas lima ing taun 1971 nganti lulus saka Sekolah Menengah Umum taun 1979. Ibuné Obama bali menyang Hawaii ing taun 1972 sajeroning limang taun lawasé, lan ing taun 1977 bali menyang Indonésia manèh, nyambut gawé minangka pekerja lapangan antropologi. Taun 1994 bali menyang Hawaii lan taun 1995 séda amarga gerah kanker ovarium.

Barkas:Ann Dunham with father and children.jpg
Saka tengen: Barack Obama lan sadulur wadon Maya Soetoro-Ng, lan ibuné Ann Dunham simbah Madelyn lan Stanley Dunham, ing Hawaii (wiwitan taun 1970-an)

Pencalonan minangka Présidhèn AS

Ing pamungutan swara pisanan taun 2008, Hillary Clinton (calon tandhingan saka Parté Dhémokrat), ana ing urutan katelu kanthi 29.45 persèn selèksi wakil praja ing tanggal 3 Januari, 2008 Iowa Democratic caucus déné Obama 37.58 persèn lan Edwards 29.75 persèn. Obama unggul ing poling nasional jronin sawatara dina kanthi pamilih poling mrèdhiksi kamenangané, ing pamilihan pisanan ing Parté Dhémokrat New Hampshire. Sanajan mangkono, Clinton pungkasané bisa olèh kamenangan ing tanggal 8 Januari, ngalahaké Obama kanthi 39 persèn nganti 37 persèn. Wedharan bab iki warna-warna nanging kerep munjer marang sikapé sing simpatik, mligi déning para wanita, nalika nétrané mbrebes mili nalika njawab pitakonan para pamilih sadina sadurungé pamilihan. The nature of the contest fractured in the next few days, when several remarks by Bill Clinton lan sikap kaibuan liyané, sarta komentar bab Martin Luther King, Jr. lan Lyndon B. Johnson.

Obama sabanjuré menang ing sawelas kaukus lan pamilihan pisanan (primary), kerep kanthi béda kang nyolok, lan menangaké kabèh swara wakil.

Ing final ubengan pisanan yaiku tanggal 3 Juni, 2008, Obama olèh cukup wakil (delegate) supaya bisa dadi calon dadi (presumptive nominee). Sabanjuré, sajeroning pidhato ing sangarepé para pendhukung ing tanggal 7 Juni, Clinton kanthi formal mbiwara mungkasi kampanyené, mènèhaké panjurung swarané marang Obama kanthi pocapan: "Cara nerusaké perjuangan kita kanggo nggayuh tujuan saiki yaiku ngerahaké tenaga, apa waé sing bisa diayahi kanggo mbiyantu supaya Barrack Obama bisa kapilih." Ing tanggal 23 Agustus, 2008, Obama milih Senator saka Delaware Joe Biden minangka calon Wakil Présidhèn. Sajeroning konvensi Nasional Dhémokrat taun 2008 ing Denver, Colorado, tilas saingan Obama Hillary Clinton pidhato sing uniné njurung banget pencalonan Obama lan sabanjuré njaluk supaya Obama dicalonaké kanthi aklamasi minangka calon saka Parté Dhémokrat Sawisé McCain dicalonaké déning Parté Républik, polling nuduhaké yèn posisiné tansaya nyedaki (popularitas) Obama. Ana acara débat kaping telu antara Obama lan McCain ing sasi September lan Oktober 2008.

Sawisé débat, popularitas Obama tansaya unggul sajeroning polling nasional. Ing tanggal 4 November, 2008, Barack Obama kasil ngalahaké John McCain lan kapilih dadi Présidhèn Amérikah Sarékat pisanan saka katurunan Afrika.

Pelantikan Présidhèn

Upacara pelantikan Présidhèn AS Barack Obama dianakaké ing tanggal 20 Januari, 2009, tegesé katentuan amandemèn undhang-undahang AS kaping 20. Upacara minangka tandha miwiti mengku kalungguhan patang taun Barack Obama lan Joe Biden minangka Présidhèn lan Wakil Présidhèn. Upacara diangkah bakal diseksèni déning punjul rong yuta tamu. Téma upacara yaiku lairé (manèh) kabébasan ("A New Birth of Freedom") kanggo mèngeti ambal warsa kaping 200 kalairan Abraham Lincoln.

Réferènsi

Ugi pirsani ugi

  • Pratélan Présidhèn AS
  • Pelantikan Présidhèn Amérikah Sarékat Barrack Obama


Sumber wacan

Njaban rangkah


Cithakan:Ameriangka stub

Tags:

Barack Obama Mangsa cilikan lan karirBarack Obama Pencalonan minangka Présidhèn ASBarack Obama Pelantikan PrésidhènBarack Obama RéferènsiBarack Obama Ugi pirsani ugiBarack Obama Sumber wacanBarack Obama Njaban rangkahBarack Obama196120 Januari200420094 AgustusAfrikaAmérikah SarékatBawana AmérikaGeorge Walker BushHawaiiJoe BidenParté DhémokratWashington, D.C.

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ꦩꦂꦠꦧꦏ꧀IndonésiaE=mc²Tim nasional bal-balan Papua KulonKambojaSetatsiyun Jakarta KotaAsem sitratShahrukh KhanWikiAura KasihBatang Kuis, Deli SerdangPhilippe CoutinhoShahih BukhariBambang Hendarso DanuriBathara SuryaPraja ing Amérika SarékatKerja Sama Ekonomi Asia PasifikNagita SlavinaPratélan désa ing NurwègenXabi AlonsoPevita PearceRøssnesvågenKalium permanganatSurat Al JinSasuke UchihaMasturbasiTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Habib Muhammad Luthfi bin YahyaSandiaga UnoKabupatèn NganjukC (basa pamrograman)Deddy RizaldiTaufiq IsmailVoliSadéwaB. M. DiahSatelit alamiLangitRyamizard RyacuduSaturnusStadion Jassim Bin HamadKevin AprilioNakulaSèrbiLadya CherylPoliploidiSurat Al MuzzammilJ-RocksLurung GazaKutasari, Kebumèn, KebumènBill GatesGita GutawaJénggotVina PanduwinataFosforBarakudaPixar Animation StudiosJawaJeonbuk Hyundai MotorsXi JinpingTebuYoon Bo-miQuoraWunguNathan TellaShinji KagawaWader cakulRiauKomputerLiga Champions UEFAKidangNiceSumbadraTembung wod🡆 More