Titanic iku sawijining filem romantis lan bencana ing Amérikah Sarékat kang digawé taun 1997.
Sekenarione digawé denig sutradarane dhéwé ya iku James Cameron. Film iki nyaritakaké babagan Jack lan Rose (diparagani déning Leonardo DiCaprio lan Kate Winslet) kang padha-padha tresnane nanging dhèwèké kaloron duwé status sosial kang béda ing dhuwur kapal RMS Titanic kang keleb tanggal 15 April 1912.
Titanic | |
---|---|
Disutradarani | James Cameron |
Diprodhuseri |
|
Ditulis déning | James Cameron |
Dibintangi |
|
Dimusiki | James Horner |
Sinématografi | Russell Carpenter |
Dibesut déning |
|
Perusahaan prodhuksi |
|
Dibabar déning |
|
Tanggal metu |
|
Suwéné | 194 menit |
Nagara | Amérikah Sarékat |
Basa | Inggris |
Rantaman | $200 juta |
Ide carita Cameron rikala nggawé filem iki éntuk saka batang kapal RSM Titanic, dhèwèké pengen nerusaké pesen émosional saka kadadéan iku lan mikir yèn carita babagan katresnan kang diselang-seling karo bencana lan kepaten wigati kanggo nyipta pesen mau. Film iki digawé wiwit taun 1995. Rekontruksi kapal Titanic digawé ing Playas de Rosarito, Baja California. Model skala lan teknik Computer-Generated Imagery (CGI) uga dianggo kanggo nggambaraké kelebe kapal mau. Film iki didanai déning Paramount Pictures lan 20th Century Fox. Rikala semono Titanic dadi filem kang paling larang sing tahu digawé, anggarane kira-kira nganti $200 juta.
Titanic éntuk 14 nominasi ing acara Academy Awards taun 1998 lan bisa menang 11 ing antawise, kelebu Film kang paling apik lan Sutradara paling apik. Film iki uga didadèkaké filem kang paling laris sadawané mangsa suwéné 12 taun lan nembé taun 2010 filem iki dikalahake déning filem James Cameron liyané kang judhule Avatar. Ukara paribasan kang misuwur saka filem iki ya iku "nothing on earth could come between them" utawa ing basa Indonesia "tiada sesuatu pun di bumi yang sanggup memisahkan mereka" lan yèn diJawake “Ora ana siji-sijia ing donya iki kang saguh misahake dhèwèké kaloron”. Tanggal 4 April 2012, versi 3 dhimènsi saka filem iki diputerake ig biyoskup (versi iki kereb diwartani Titanic 3D). Diputerake manèh kanggo mengeti 100 taun kelebe kapal RSM Titanic.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Titanic (film 1997), which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.