Filsafat

Tembung falsafah utawi filsafat ing basa Jawi punika dipunpendhet saking basa Arab فلسة.

Tembung Arab punika kapendhet saking basa Yunani; Φιλοσοφία philosophia. Ing basa Yunani, tembung punika inggih kalebet tembung majemuk saking tembung-tembung (philia = pamitran, kasih) kaliyan (sophia = "kawicaksanan"). Dados tegesipun inggih punika tiyang ingkang remen kawicaksanan utawi “ngèlmu”.

Tembung filosofi ingkang kapendhet saking basa Walanda uga dipuntepangi ing Tanah Jawi. Wujud pungkasan punika langkung mèmper wujud aslinipun. Ing basa Jawi basa Jawi satunggiling tiyang ingkang sinau babagan falsafah dipunwastani filsuf.

Filsafat punika seni pitaken raga, usaha manungsa kanggé nggayuh pangertosan babagan pagesangan kanthi ngginakaken cipta, rasa, lan karsa. Dhéfinisi tembung filsafat ugi saged dipunwastani satunggiling probléma falsafi falsafati. Nanging saged wicanten, manawi falsafah punika kinten-kintenipun inggih pasinaon tegesipun, saha panrapan kapitadhosan manungsa ing pérangan langkung dhasar kaliyan umum piyambak. Pasinaon punika dipunlampahi boten mawi eksperimen-eksperimen, nanging mawi mangutarakan prakawis mawi cara ingkang presis kaliyan awèh solusi. Lajeng nyukani argumèntasi ingkang leres kanggé solusi punika saha pungkasanipun prosès-prosès wau sadaya dipunlebetaken ing salebeting dhialèktika. Dhialèktika punika cekakipun inggih satunggiling wujud dialog.

Logika punika ugi ngèlmu pérangan ingkang ugi dipuntliti matématika kaliyan filsafat. Bab punika dados nuduhaken manawi filasafat punika satunggiling ngèlmu ingkang saged dipunwastani ugi gadhah sisih-sisih eksakta, boten kados punapa ingkang dipunraos tiyang kathah.

Kapurih ugi kersa mriksani

  • Pratélan filsuf
  • Filsafat Kulon
  • Filsafat Wétan
  • Filsafat Wétan-Tengah
Filsafat 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Tags:

Basa ArabBasa JawaBasa Yunani

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MesinChairil AnwarBègHabis Gelap Terbitlah TerangGuritaPitulungGadho-gadhoMicrosoft WindowsUjung ArabSutan SyahrirAcer Inc.Setatsiyun Semarang TawangFrans KaisiepoValutaHemisferWikiquote1968Lempongan Penyu2007GenetikaWangsa ZhouTerpentinKylian MbappéInggrisPutihHidrogen1930Gianluigi BuffonYovie And The NunoSurat At TaubahDéklarasi DjuandaJaring KalamanggaSoekarnoDurgaLintangKomètWukuYoyok Riyo SudibyoKangen Band (Grup Musik)AbimanyuKhalifahJavaScriptRépublik Rakyat CinaJamMuhammad bin Idris asy-Syafi`iAbimana AryasatyaKabupatèn Tegal/jvOrganisasi Internasional kanggo StandardisasiAsmaaulhusnaJepangHanyu PinyinMawarCilok2000Tembung aranPerdhana Mentri JepangStephen ChowMancingMelbourneSamudra PasifikNurwègenBasa LatinParto Patrio2018Semar1574VidéoSurat Al QiyaamahNova ElizaWaring Wéra WanuaÉropaIridium2005🡆 More